Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 17:15 - Kitab Sutji

15 Kawula boten nyuwun, supados sami kapundhuta saking donya, namung supados Paduka reksa, sampun ngantos kapanduk ing piawon.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 17:15
18 Iomraidhean Croise  

Sang Malaekat kang wus nguwalake aku saka sarupaning bebaya, muga karsaa mberkahi bocah-bocah anom iki, supaya dadia jalarane jenengku sarta asmane eyangku lan ramaku, iya Eyang Abraham lan Rama Iskak dadi misuwur marga saka bocah-bocah iki, sarta padha ngambra-ambra nganti dadi akeh banget ana ing bumi.”


Rama Yabes iku nyebat marang Gusti Allahe Israel, unjuke: “Paduka mugi karsaa paring berkah dhumateng kawula ingkang ngantos luber saha mugi karsaa njembaraken dhaerah kawula, punapa dene mugi asta Paduka nganti kawula saha karsaa nebihaken kawula saking kasangsaran, satemah kawula lajeng boten katempuh ing sesakit!” Anadene Gusti Allah karsa ngabulake panyuwune iku.


Kowe bakal direksa dening Sang Yehuwah, tumrap ing sakehing bilai; nyawamu direksa.


Kawula munjuk kalayan sora dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah, lan kawula nyenyuwun dhumateng Pangeran:


Samubarang kabeh kang tinemu dening tanganmu supaya dilakoni, iku tindakna ing sabisa-bisamu, awit ing jagading wong mati kang bakal kokparani ora ana pagawean, panimbang-nimbang, kawruh lan kawicaksanan.


Wong bener tiwas, lan ora ana wong siji-sijia kang maelu; wong mursid padha kajabut nyawane, tuwin ora ana wong siji-sijia kang mreduli; sanyata, marga saka sumrambahe piala, nyawane wong mursid kajabut,


Yen iya, kandhaa: iya, yen ora, kandhaa: ora. Saluwihe saka iku, asale saka pangawak dursila.”


Punapa dene kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha, nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon. [Awitdene Paduka ingkang kagungan Kraton saha wisesa tuwin kamulyan salami-laminipun. Amin.]


Saha mugi karsaa ngapunten dosa kawula, awitdene kawula inggih sami ngapunten dhateng saben tiyang ingkang kalepatan dhateng kawula. Punapa malih mugi kawula sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha.”


nanging kowe wis dakdongakake, supaya pracayamu ora ilang. Lan kowe, manawa wis mratobat, sadulur-sadulurmu padha santosakna.”


kang wus masrahake sarirane krana dosa-dosa kita, supaya kita diluwarana saka ing jagad ala kang saiki iki, manut karsane Gusti Allah lan Rama kita,


Nanging Gusti iku setya-tuhu. Panjenengane bakal nyantosakake atimu lan ngayomi kowe kabeh saka ing piala.


Saiki aku wus ginantungan makuthaning kayekten, kang bakal kaparingake marang aku dening Gusti, Sang Hakim kang adil, ing Dinane, tur ora mung marang aku bae, nanging uga marang sakehing wong kang padha cecengklungen marang rawuhe.


Kita sumurup, yen sok wonga kang laire saka ing Allah iku ora gawe dosa, nanging malah kaayoman dening Panjenengane, kang miyos saka ing Allah, temah ora bisa kagepok dening si pangawak dursila.


Kita sumurup, yen asal kita saka ing Allah, lan sajagad kabeh kawengku ing pangawak dursila.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan