Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 17:14 - Kitab Sutji

14 Tiyang-tiyang wau sampun sami Kawula sukani pangandika Paduka, lan sami dipun sengiti dening jagad, amargi pinangkanipun boten saking jagad, kadosdene pinangka Kawula punika inggih boten saking jagad.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 17:14
15 Iomraidhean Croise  

Karodene Ingsun bakal ndadekake memungsuhan ing antarane sira lan wong wadon iki, lan ing antarane turunira lan turune wong wadon iki; turune wong wadon iki bakal ngremuk endhasira lan sira bakal ngremuk tungkake.”


Wong bodho iku nistha tumrap wong bener, lan kang jujur lakune iku jember tumrap wong duraka.


Sajroning sesasi aku numpes pangone telu. Atiku banjur mangkel banget marang wedhus-wedhuse, sarta wedhus-wedhuse iya padha bosen marang aku.


Atur wangsulane: “Inggih saged.” Pangandikane Gusti Yesus: “Pancen, kowe bakal padha ngombe ing tuwung, kang bakal Dakunjuk, lan bakal dibaptis kalawan baptis kang bakal Daktampani.


Pinangkanipun tiyang-tiyang punika boten saking jagad, kadosdene pinangka Kawula punika inggih boten saking jagad.


Amargi sadaya Pangandika ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula punika sampun Kawula tampekaken dhateng tiyang-tiyang wau saha sampun dipun tampeni. Punapadene sampun sami sumerep saestu, bilih pinangka Kawula punika saking Paduka lan sami pitados, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.


Jagad iku ora bisa sengit marang kowe, nanging Aku disengiti, amarga Aku nekseni yen panggawene jagad iku ala.


Pangandikane Gusti Yesus: “Kowe iku pinangkamu saka ing ngisor, Aku iki saka ing ngaluhur, kowe iku pinangkamu padha saka ing donya iki, nanging Aku ora saka ing donya iki.


Aja kaya Kain, kang asale saka ing pangawak dursila sarta mateni sadulure. Lan apa sababe anggone mateni iku? Amarga sakabehing panggawene ala, lan panggawene adhine becik.


He, sadulur-sadulur, aja padha gumun manawa jagad padha sengit marang kowe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan