Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 17:12 - Kitab Sutji

12 Salaminipun Kawula nunggil kaliyan tiyang-tiyang punika, Kawula ingkang ngreksa wonten ing asma Paduka, inggih punika asma ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula; Kawula sampun rumeksa dhateng tiyang-tiyang wau ngantos boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang ical kajawi namung tiyang satunggal ingkang sampun pinesthi kedah ical, supados kayektosana wiraosing Kitab Suci.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 17:12
17 Iomraidhean Croise  

“Wong iku wis kecandhak ing lelara kang mbebayani, anggone ngleleh ora bakal bisa tangi maneh.”


PituturKu iki ora tumrap kowe kabeh; Aku weruh, sapa kang wus Dakpiji. Nanging kudu kayektenan tulisan kang mangkene surasane: Tiyang ingkang tumut nedha roti Kawula, punika sampun ngagagaken sukunipun dhateng Kawula.


Kawula sampun nglairaken asma Paduka dhateng para tiyang ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula saking jagad. Tiyang-tiyang punika kagungan Paduka sarta sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, saha sampun sami netepi ing pangandika Paduka.


Mangkono iku supaya kayektenana ature kang mangkene: “Tiyang peparing Paduka dhateng Kawula punika boten wonten satunggal-tunggala ingkang kawula icalaken.”


Kabeh kang diparingake marang Aku dening Sang Rama, iku bakal padha marani Aku. Sarta sapa kang marani Aku ora bakal Daktampik.


supados nampeni kalenggahan lelados, inggih punika kalenggahan rasul, ingkang katilar dening Yudas, ingkang sampun dhumawah ing panggenan ingkang samesthinipun tumrap piyambakipun punika.”


Iya iku sababe Gusti Allah banget anggone banjur ngluhurake Panjenengane lan maringi asma marang Panjenengane ngungkuli sadhengahing jeneng,


Kowe aja nganti padha disasarake dening wong kalawan patrap kapriye bae! Awitdene sadurunge tekane Dina iku mesthi ana pamurtad dhisik lan kababar dhisik si manungsa duraka, kang kudu sirna,


Sarta maneh: “Aku bakal pracaya marang Panjenengane,” lan maneh: “Satemene, lah iki Aku sarta anak-anak kang wis diparingake dening Gusti Allah marang Aku.”


Asale Anti-Kristus iku pancen saka ing antara kita, nanging sanyatane padha dudu panunggalan kita; awit saupama temen-temen dadia panunggalan kita, mesthi padha tetep nunggal karo kita. Nanging kelakone iku supaya tetelaa yen dheweke ora kabeh nyata dadi panunggalan kita.


Tingale kaya urubing geni lan mustakane ngagem makutha akeh, sarta Panjenengane ngagem ciri seratan asma kang ora kasumurupan ing wong, kajaba mung sarirane piyambak.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan