Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 17:11 - Kitab Sutji

11 Wondene Kawula sampun boten wonten ing donya malih, nanging tiyang-tiyang punika taksih wonten ing donya, tuwin Kawula sowan dhateng ing ngarsa Paduka. Dhuh Rama ingkang Suci, tiyang peparing Paduka dhateng Kawula punika mugi Paduka reksa wonten ing asma Paduka, inggih punika asma Paduka ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, supados tiyang-tiyang wau sami dados satunggal kadosdene Paduka kaliyan Kawula.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 17:11
48 Iomraidhean Croise  

Dhuh Allah, ingkang mengku karahayon kawula, kawula mugi sami Paduka paringi pitulungan margi saking kaluhuraning asma Paduka. Kawula mugi sami kaentasna saha kaapuntena dosa kawula margi saking asma Paduka.


Asmane Pangeran Yehuwah iku menara kang santosa, wong bener padha ngungsi mrono temah slamet.


Ingsun, Yehuwah kang ngreksa; Ingsun kang tansah nyirami. Supaya aja ana wong kang ngrusuhi, rina wengi Sunjaga;


– kadosdene latu ingkang mbesmi kajeng rencekan tuwin kadosdene latu ingkang ngumobaken toya – supados asma Paduka kasumerepana dening para mengsah Paduka, satemah bangsa-bangsa sami gumeter wonten ing ngarsa Paduka,


Paduka mugi sampun nampik kawula sadaya, amargi saking asma Paduka, sampun ngantos nyepelekaken kaluhuranipun dhampar Paduka. Mugi ngengetana dhateng prasetyan Paduka kaliyan kawula sadaya, sampun Paduka batalaken!


“Dhuh Sang Yehuwah, sanadyan duraka kawula sadaya sami nggigat kawula, mugi Paduka karsaa paring pambiyantu dhumateng kawula, margi saking asma Paduka! Awit kathah panasar kawula, kawula sami damel dosa wonten ing ngarsa Paduka.


Nanging Ingsun nuli mekak astaningSun sarta anggoningSun tumindak iku marga saka asmaningSun, supaya aja kanajisake ana ing ngarepe para bangsa kang sumurup dhewe, nalika padha Sunirid metu.


Anadene sira bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, yaiku samangsa Ingsun, marga saka asmaningSun, ora nandukake marang sira kang satimbang kalawan pratingkahira kang ala lan nistha, heh turune Israel, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”


Nanging anggoningSun tumindak mangkono iku marga saka asmaningSun, supaya aja kanajisake ana ing ngarepe para bangsa, kang tanahe padha dienggoni. Ana ing ngarepe bangsa-bangsa iku padha Sunsumurupake marang Ingsun, bakal Sunirid metu saka ing tanah Mesir.


“Lah kowe padha daklakokake kayadene wedhus gembel menyang ing satengahing asu ajag, mulane sing ngati-ati kaya ula lan sing bares kaya manuk dara.


Mulane kowe padha sampurnaa, kaya Ramamu ing swarga iya sampurna.”


Marga saka iku ndedongaa mangkene: Dhuh, Rama kawula ingkang wonten ing swarga, Asma Paduka mugi kasucekaken.


Anadene sadurunge riyaya Paskah, Gusti Yesus wus mirsa, manawa wus tekan ing titi-mangsane anggone bakal tindak saka ing donya iki sowan marang ing ngarsane Sang Rama. Padha kayadene Panjenengane anggone tansah ngasihi marang para kagungane kang ana ing donya, mangkono uga saiki Panjenengane anggone ngasihi iku nganti tumeka ing wekasane.


Gusti Yesus mirsa, yen Sang Rama wus masrahake samubarang kabeh marang Panjenengane sarta yen Panjenengane iku pinangkane saka ing Allah, lan wangsul marang Allah.


Ing wektu iku kowe bakal padha nyumurupi, yen Aku ana ing RamaKu lan kowe padha ana ing Aku, tuwin Aku ana ing kowe.


Aku mijil saka Sang Rama, lan wus teka ing donya; Aku ninggal donya maneh sarta bali menyang ing ngarsane Sang Rama.”


AnggonKu mulangake iku mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe padha oleha tentrem-rahayu ana ing Aku. Ana ing donya kowe padha nandhang panganiaya, nanging padha diteteg atimu, Aku wus ngalahake donya.”


Kawula wonten ing tiyang-tiyang punika sarta Paduka wonten ing Kawula supados sampurnaa anggenipun dados satunggal, sarta supados jagad sumerepa, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula saha bilih tiyang punika sami Paduka kasihi kadosdene anggen Paduka ngasihi Kawula.


Dhuh Rama ingkang adil, jagad punika pancen boten wanuh dhumateng Paduka, nanging Kawula wanuh kaliyan Paduka, sarta tiyang-tiyang punika sami sumerep, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula;


Kawula sampun nglairaken asma Paduka dhateng para tiyang ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula saking jagad. Tiyang-tiyang punika kagungan Paduka sarta sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, saha sampun sami netepi ing pangandika Paduka.


Gusti Yesus banjur ngandika: “Mung kari sawatara mangsa anggonKu ana ing antaramu, nuli Aku bakal sowan marang kang ngutus Aku.


Sang Kristus punika kedah wonten ing swarga ngantos dumugi ing titimangsa pulihipun samukawis sadaya, kadosdene ingkang sampun dipun pangandikakaken dening Gusti Allah lumantar para nabinipun ingkang suci nalika jaman rumiyin.


mangkono kita iki, sanadyan akeh, padha dadi badan siji ana ing Sang Kristus; ananging kita iki kang siji padha dene dadi gegelitane sijine.


Marga ing Kitab Suci ana pangandika marang Sang Prabu Pringon, mangkene: “Yaiku sababe anggoningSun ngadegake sira, yaiku supaya Ingsun bisa ngatingalake panguwaosingSun ana ing sira, sarta AsmaningSun supaya kasuwurna ing salumahing bumi.”


Ewadene kowe padha dakpituturi, para sadulur, marga saka Asmane Gusti kita Yesus Kristus, kowe kabeh dipadha saiyeg sarta aja nganti ana pasulayan ing antaramu; nanging kowe padha raket-rukuna, tunggal budi sarta tunggal pangrasa.


Ing bab iki ora ana wong Yahudi utawa wong Yunani, ora ana batur tukon utawa wong mardika, ora ana lanang utawa wadon, awit kowe kabeh padha dadi siji ana ing Sang Kristus Yesus.


tunggal badan, lan iya tunggal Roh, kayadene anggonmu wus padha katimbalan marang pangarep-arep siji kang dumunung ana ing timbalanmu,


Iya iku sababe Gusti Allah banget anggone banjur ngluhurake Panjenengane lan maringi asma marang Panjenengane ngungkuli sadhengahing jeneng,


Panjenengane dadi cahya kamulyane Gusti Allah sarta gambar wujuding Allah lan nyanggi samubarang kabeh sarana sabdane kang kebak panguwasa. Lan sawise rampung anggone ngresiki dosa, Panjenengane lenggah ing satengene Kang Mahaagung ana ing ngaluhur;


Sabab Sang Kristus ora mlebet ing sajroning pasucen gaweaning tangane manungsa kang mung dadi gegambarane kang sejati, nanging mlebet ing swarga piyambak prelu sowan ing ngarsane Gusti Allah kanggo kapreluan kita.


He wong kang padha ora setya, apa kowe padha ora sumurup, manawa memitran karo donya iku dadi sesatron karo Gusti Allah? Kang iku sing sapa dadi mitrane donya, iku ndadekake awake dhewe dadi satrune Gusti Allah.


Yaiku, kowe kang padha kareksa dening panguwaosing Allah marga saka pracayamu sajrone kowe padha nganti-anti marang karahayon kang wis cumawis lan kang bakal kawedharake ing jaman wekasan.


Aja kaya Kain, kang asale saka ing pangawak dursila sarta mateni sadulure. Lan apa sababe anggone mateni iku? Amarga sakabehing panggawene ala, lan panggawene adhine becik.


Kita sumurup, yen asal kita saka ing Allah, lan sajagad kabeh kawengku ing pangawak dursila.


Saka Yudas, abdine Gusti Yesus Kristus sarta sadulure Yakobus, marang para kang katimbalan, kang kinasih ana ing Allah Sang Rama sarta kang padha sinengker kagem Gusti Yesus Kristus.


Panjenengane kang kuwasa ngreksa marang kowe kabeh, supaya padha ora kesandhung sarta mrenahake kowe kalawan tanpa cacad ana ing ngarsaning kamulyane kanthi sukarena.


Dhuh Pangeran, sinten ingkang boten ajrih, saha boten ngluhuraken Asma Paduka? Awit namung Paduka piyambak ingkang suci; amargi sakathahipun bangsa sami badhe sowan sarta nyembah sujud dhateng Paduka, sabab sampun katingal leresing sadaya pangadilan Paduka.”


Tingale kaya urubing geni lan mustakane ngagem makutha akeh, sarta Panjenengane ngagem ciri seratan asma kang ora kasumurupan ing wong, kajaba mung sarirane piyambak.


Makluk papat mau siji-sijine ana suwiwine ngenem, ing saubenge lan ing jerone padha kebak mripat, lan rina-wengi tanpa leren anggone ngucap mangkene: “Suci, suci, suci Pangeran Allah, ingkang Mahakuwasa, ingkang rumiyin wonten, ing samangke wonten, saha ingkang badhe rawuh.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan