Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 17:10 - Kitab Sutji

10 lan sadaya gadhahan Kawula inggih kagungan Paduka sarta kagungan Paduka inggih gadhahan Kawula, saha Kawula sampun kaluhuraken wonten ing tiyang-tiyang punika.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 17:10
16 Iomraidhean Croise  

Aku lan Sang Rama iku siji.”


Gusti Yesus bareng miyarsa kabar iku banjur ngandika: “Larane iku ora ndadekake patine, nanging bakal mbabarake kaluhuraning Allah, awit marga saka larane iku Putraning Allah bakal kaluhurake.”


Ananging Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Wus tekan wektune Putrane Manungsa kaluhurake.


supaya kabeh wong padha ngurmatana marang Sang Putra kayadene anggone ngurmati marang Sang Rama. Sing sapa ora ngurmati marang Sang Putra, iku uga ora ngurmati marang Sang Rama kang ngutus Panjenengane.


Bab iku kasumurupan dening kabeh wong ing Efesus, wong Yahudi lan wong Yunani, temah kabeh padha ketaman ing wedi, sarta asmane Gusti Yesus dadi saya kondhang.


Lan wong-wong mau banjur padha ngluhurake Gusti Allah marga saka aku.


Amarga kang banget dakpengini lan dakarep-arep, yaiku yen tumraping samubarang kabeh aku ora bakal kawirangan, nanging kayaa sing uwis-uwis, mangkono uga saiki, Sang Kristus kanthi cetha kaluhurake ana ing badanku, dadia srana uripku, utawa srana patiku.


Panjenengane iku kadunungan Kaallahan sawetahe kang kasarira,


besuk samangsa Panjenengane rawuh ing dina iku, supaya kaluhurake ana ing antarane para suci kagungane, sarta supaya kabeh wong kang pracaya padha kagawokan, awit paseksen kang wus padha daklairake marang kowe kabeh, iku wus koktampani kalawan pracaya.


satemah asmane Gusti Yesus, Gusti kita, kaluhurake ana ing kowe kabeh lan kowe kabeh ana ing Panjenengane, miturut sih-rahmating Allah kita lan Gusti Yesus Kristus.


Balik kowe iku bangsa kang pinilih, kaimaman kaprabon, bangsa kang suci, umat kagungane Gusti Allah pribadi, supaya kowe padha martakake kautamane Panjenengane, kang wus nimbali kowe saka pepeteng marang ing pepadhange kang ngeram-eramake.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan