YOKANAN 17:1 - Kitab Sutji1 Kaya mangkono mau pangandikane Gusti Yesus. Panjenengane banjur tumenga marang langit sarta matur: “Dhuh Rama, sampun dumugi ing wancinipun; mugi Putra Paduka kaluhurna, supados Putra Paduka ngluhuraken Paduka. Faic an caibideil |
Anadene sadurunge riyaya Paskah, Gusti Yesus wus mirsa, manawa wus tekan ing titi-mangsane anggone bakal tindak saka ing donya iki sowan marang ing ngarsane Sang Rama. Padha kayadene Panjenengane anggone tansah ngasihi marang para kagungane kang ana ing donya, mangkono uga saiki Panjenengane anggone ngasihi iku nganti tumeka ing wekasane.