Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 16:8 - Kitab Sutji

8 Dene iku sarawuhe, bakal ngyakinake marang jagad bab dosa, bab kayekten, lan bab pangadilan;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 16:8
10 Iomraidhean Croise  

Manawa memala saraat mau thukul warata ana ing kulit, nganti nutupi awake sakojur, wiwit ing sirah nganti tekan ing dlamakane, sapira kang bisa kasumurupan dening imam,


“Ingsun bakal ngesokake rohing sih-rahmat lan rohing panyuwunan marang brayate Dawud lan para wong isine Yerusalem, satemah iku bakal padha mandeng marang kang wus katuwek dhewe lan bakal nangisi kang disuduk mau, patrape kaya nangisi anak ontang-anting lan nangis kelara-lara, patrape kaya nangisi anak pambarep.


Nanging kang Dakpituturake marang kowe iki bener: Luwih maedahi marang kowe, manawa Aku lunga. Jalaran manawa Aku ora lunga, Sang Juru Panglipur iku ora bakal ngrawuhi kowe, nanging manawa Aku lunga, Sang Juru Panglipur Dakutus marang kowe.


bab dosa, amarga padha tetep ora pracaya marang Aku.


Sapa panunggalanmu kang mbuktekake manawa Aku tumindak dosa? Manawa Aku mituturake kayekten, sabab apa kowe padha ora pracaya marang Aku?


Ananging sawuse kang padha munjuk mau krungu pangandika kang kaya mangkono, tumuli padha lunga baka siji, wiwit saka kang tuwa dhewe. Wekasan mung kari Gusti Yesus piyambak karo wong wadon kang isih tetep ana ing kono iku.


Bareng wong-wong padha krungu pangandika mangkono mau, atine trenyuh, banjur padha matur pitakon marang Rasul Petrus lan para rasul liyane: “Para sadherek, punapa ingkang kedah sami kula lampahi?”


Balik manawa kabeh padha medhar wangsit, nuli ana wong kang ora pracaya utawa wong anyar lumebu, iku bakal kawelehake dening wong akeh, sarta dititi-priksa dening wong akeh mau;


karsa nindakake pangadilan tumrap wong kabeh, sarta matrapi paukuman marang sakehing pratingkah mblasar kang padha dilakoni, sarta jalaran saka sakehing tembung kang nistha, kang diucapake dening para wong dosa kang mblasar iku marang Pangeran.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan