32 Lah, bakal tumeka ing titi-mangsane malah iya wus tumeka, kowe padha kabuyarake ing sapara-paranmu dhewe-dhewe, lan Aku koktinggal ijen. Ananging Aku ora ijen amarga Sang Rama nunggil karo Aku.
“He pedhang! Sira nempuha abdiningSun juru pangon, wong kang raket banget kalawan Ingsun!” Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. “Juru pangon iku patenana, temahan wedhuse banjur padha buyar, sarta Ingsun bakal ngagem astaningSun Sunagem nglawan marang kang ringkih,
Gusti Yesus banjur ngandika marang para sakabat: “Ing bengi iki kowe kabeh bakal padha kecuwan marga saka Aku. Sabab ana tulisan kang surasane mangkene: Ingsun bakal nggebag juru pangon lan wedhus-wedhuse ing pepanthane bakal buyar.
Nanging kabeh-kabeh iki kalakon supaya kayektenana kang tinulis ing kitabe para nabi.” Para sakabat banjur padha ninggal Panjenengane lan padha lumayu kabeh.
Gusti Yesus nuli ngandika: “Kowe kabeh bakal padha kacuwan marga saka Aku. Sabab ana tulisan mangkene: Ingsun bakal nggebag juru pangon, sarta wedhus-wedhuse bakal padha pating slebar.
PituturKu marang kowe iku mau kabeh adhapur pasemon. Bakal ana wektune anggonKu mituturi kowe ora adhapur pasemon maneh, nanging sabarese bae anggonKu martani kowe mungguh Sang Rama.
Pangandikane Gusti Yesus: “He, wong wadon, ngandela marang Aku, bakal tumeka ing wektune anggonmu padha sujud marang Gusti Allah ora ana ing gunung iki, lan iya ora ana ing kutha Yerusalem.
Nanging bakal tumeka ing wektune, malah saiki wus tumeka ing wektune para wong sujud kang sajati iku anggone padha sujud marang Sang Rama sajroning Roh lan kayekten, awit wong sujud kang kaya mangkono iku kang dikarsakake dening Sang Rama.
Satemen-temene pituturKu ing kowe, bakal tumeka ing wektune, malah wus tumeka ing wektune, wong mati padha krungu swarane Putraning Allah. Sarta kang padha ngrungokake iku bakal urip.