Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 16:25 - Kitab Sutji

25 PituturKu marang kowe iku mau kabeh adhapur pasemon. Bakal ana wektune anggonKu mituturi kowe ora adhapur pasemon maneh, nanging sabarese bae anggonKu martani kowe mungguh Sang Rama.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 16:25
19 Iomraidhean Croise  

Cangkemku bakal nglairake kawicaksanan, kang dipikir-pikir dening atiku iku pangreten.


Aku arep mbukak cangkemku prelu medharake bebasan, aku arep ngucapake cangkriman jaman kuna,


kanggo nyumurupi isine wulang bebasan lan pralambang, apadene tetembungan lan sanepane para wicaksana.


Aku banjur munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah, tiyang-tiyang wau sami nyariyosaken bab kawula: Apa kang dikandhakake iku dudu mung tembung pasemon?”


Tumuli ngandika marang wong-wong mau: “Apa kowe ora padha ngreti isining pasemon iki? Manawa mangkono kapriye bisamu ngreti pasemon-pasemon liyane kabeh?


lan ora padha dipangandikani apa-apa kang tanpa pasemon, nanging yen marang para sakabate apa bae diterangake piyambakan.


Bab iki dipangandikakake kanthi ngeblak. Nanging Petrus banjur nggered minggir Gusti Yesus lan ngaturi pepenget Panjenengane.


Ing kono wong-wong Yahudi banjur padha ngrubung Panjenengane lan padha munjuk: “Ngantos pinten dangunipun anggen Panjenengan damel mangu-mangunipun manah kula? Manawi Panjenengan punika Sang Kristus, Panjenengan blakakaken dhateng kula sadaya.”


Pasemon iku dipangandikakake dening Gusti Yesus marang wong-wong mau, nanging padha ora ngreti tegese pangandika iku.


Isih akeh prakara kang prelu Daktuturake marang kowe, nanging saiki kowe durung bisa nggayuh.


Kowe bakal padha disebratake, malah bakal tumeka ing wektune saben wong kang mateni kowe, padha rumangsa yen saos pangabekti marang Gusti Allah.


Lah, bakal tumeka ing titi-mangsane malah iya wus tumeka, kowe padha kabuyarake ing sapara-paranmu dhewe-dhewe, lan Aku koktinggal ijen. Ananging Aku ora ijen amarga Sang Rama nunggil karo Aku.


Ananging aku padha nampik sakehing panggawe dhedhelikan kang nistha; aku ora tumindak kanthi paekan lan ora malsu pangandikaning Allah, nanging aku nglairake kayekten lan awit saka iku aku masrahake awakku supaya ditimbang-timbang dening wong kabeh ana ing ngarsane Gusti Allah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan