YOKANAN 16:24 - Kitab Sutji24 Nganti saprene kowe durung tau nyuwun apa-apa atas saka jenengKu. Padha nyenyuwuna, kowe mesthi bakal padha kaparingan supaya sampurnaa kabungahanmu. Faic an caibideil |
Bareng wus wayahe nyaosake kurban sore, Nabi Elia banjur majeng lan munjuk: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Rama Abraham, Iskak saha Israel, ing dinten punika mugi kasumerepana dening tiyang, bilih Paduka punika Gusti Allah wonten ing satengahing Israel saha bilih kawula punika abdi Paduka punapa dene bilih anggen kawula nindakaken prakawis punika sadaya punika awit saking pangandika Paduka.