Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 16:23 - Kitab Sutji

23 Lan ing dina iku kowe ora bakal padha miterang apa-apa marang Aku. Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sabarang kang koksuwun marang Sang Rama, iku bakal kaparingake atas jenengKu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 16:23
22 Iomraidhean Croise  

Sarta bakal kelakon sadurunge padha sesambat, Ingsun wus paring wangsulan, nalika lagi padha munjuk, Ingsun wus midhangetake.


Lan apa bae kang koksuwun ing pandonga kalawan pracaya, mesthi bakal kaparingake.”


“Padha nyenyuwuna, temah bakal kaparingan. Padha golek-goleka, temah bakal oleh. Padha thothok-thothoka, temah bakal kawenganan.


Ing wektu iku kowe bakal padha nyumurupi, yen Aku ana ing RamaKu lan kowe padha ana ing Aku, tuwin Aku ana ing kowe.


Yudas, dudu si Iskariot, tumuli munjuk marang Gusti Yesus: “Gusti, sababipun punapa dene paduka badhe nglairaken sarira Paduka dhateng kawula sadaya, lan boten dhateng jagad?”


Tomas tumuli munjuk: “Gusti, kawula boten sumerep dhateng pundi tindak Paduka; dados kadospundi anggen kawula sumerep marginipun mrika?”


Manawa kowe padha tetep dumunung ana ing Aku lan pituturKu tetep dumunung ana ing kowe, padha nyenyuwuna apa bae kang kokkarepake mesthi bakal katurutan.


Gusti Yesus mirsa, yen para sakabate padha sumedya munjuk miterang marang Panjenengane, banjur ngandika: “Kowe apa padha rasanan bab pituturKu mau: Mung kari sadhela nuli kowe padha ora ndeleng Aku lan sadhela engkas banjur bakal padha ndeleng Aku maneh?


Ing dina iku kowe bakal padha nyenyuwun atas saka jenengKu. Lan ora Daktuturake marang kowe, yen Aku kang bakal nyuwunake kowe marang Sang Rama,


Sapunika kawula sami sumerep, bilih Paduka mirsa samukawis lan boten susah tiyang munjuk pitaken dhateng Paduka. Pramila kawula sami pitados, bilih pinangka Paduka punika saking Gusti Allah.”


awit iya marga saka Panjenengane iku kita sakarone ana ing Roh siji padha oleh dalan marang ing ngarsane Sang Rama.


He, anak-anakku, anggonku nulis bab prakara iku marang kowe iku supaya kowe aja padha gawe dosa. Ewadene manawa ana kang gawe dosa, kita padha duwe Pantara ana ing ngarsane Sang Rama, iya iku: Gusti Yesus Kristus kang adil.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan