Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 16:21 - Kitab Sutji

21 Mungguh wong wadon samasa lagi nglarani, iku ngrasakake susah, nanging samasa wus nglairake bayine, wus ora kelingan maneh marang larane, marga saka bungahe dene ana manungsa kalairake ing donya.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 16:21
18 Iomraidhean Croise  

Wong wadon iku didhawuhi mangkene: “Ingsun bakal ngakehake banget karepotane anggonira meteng, klawan rekasa anggonira bakal nglairake anak; sira bakal kayungyun marang bojonira lan iku bakal mengku marang sira.”


kowe malah banjur lali marang kasusahanmu, iku mung kokelingi kaya banyu kang wus kepungkur miline.


Wong kang gabug dilungguhake ing omah, dadi ibune bocah-bocah, mulane kebak kabungahan. Haleluya!


sarta wong-wong bakal padha kaget. Lara mules lan lara nguwat bakal tumempuh marang wong-wong mau, padha ngolang-ngaling kaya wong wadon nglarani. Bakal padha pandeng-pandengan kalawan kaebatan, raine padha kaya wong kang lara kadhemen.


Mulane lambungku lara banget, aku lara mules kaya mulesing wong wadon kang manak; aku mringkus-mringkus, ora krungu maneh, aku kaget, ora ndeleng maneh.


Sadurunge nglarani wus nglairake anak, sadurunge krasa, wus nglairake anak lanang.


He putri Sion, polaha lan ngadhuh-adhuha, kaya wong wadon kang nglarani! Marga saiki sira kapeksa metu saka ing kutha lan manggon ana ing ara-ara; sira kapeksa lumaku tekan ing Babil, ana ing kana anggonira bakal kapitulungan, iya ana ing kana Pangeran Yehuwah anggone ngluwari sira saka ing tangane mungsuhira.


Lah saiki, yagene ta sira padha sesambat kalawan sora? Apa ora ana ratu ing tengahira? Utawa penasehatira apa wis padha tumpes, dene sira nganti ngrasakake lara kaya wong wadon kang lagi nglarani?


Awit ana tulisan: “Bebungaha, he wong gabug kang ora tau nglairake! Bebungaha lan surak-suraka, he kowe kang ora tau nglarani! Sabab kang ditinggal bojone, bakal duwe anak luwih akeh tinimbang kang duwe bojo.”


Manawa wong-wong padha kandha: Saiki tentrem, ora ana bebaya – mangka dumadakan wong-wong padha katempuh ing bilai, kayadene wong wadon kang ngandheg dadakan nglarani – mesthi ora bakal padha bisa ngoncati.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan