YOKANAN 16:20 - Kitab Sutji20 Satemen-temene Aku pitutur ing kowe: Kowe bakal padha nangis lan sesambat, nanging jagad bakal bungah; kowe bakal padha nandhang susah, nanging kasusahanmu bakal salin dadi kabungahan. Faic an caibideil |
Ngrungokna pangandikaning Sang Yehuwah, kowe kang padha gumeter marga saka pangandikane! Para sadulurira, kang padha sengit marang sira, kang padha nyebratake sira, awit sira padha ngajeni asmaningSun, iku wus padha celathu: “Pangeran Yehuwah kareben ngatingalake kamulyane, supaya aku padha nyumurupi kabungahanmu!” Nanging wong iku dhewe kang padha kawirangan.