Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 16:17 - Kitab Sutji

17 Krungu kang kaya mangkono iku sakabate ana sawatara kang tumuli padha rasanan: “Apa ta tegese pangandikane marang aku: Kari sadhela nuli kowe padha ora ndeleng marang Aku, sadhela engkas banjur padha ndeleng Aku maneh? Lan maneh: Aku lunga menyang ngarsane Sang Rama?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 16:17
12 Iomraidhean Croise  

Para sakabat padha nyathet pangandika mau karo padha takon-tinakon bab tegese “wungu saka ing antarane wong mati”.


Para sakabat padha ora ngreti marang pangandika mau, nanging padha ora wani miterang.


Nanging para sakabat padha ora mangreti babar pisan bab iku kabeh; padha kasamaran sarta padha ora nyandhak marang isining pangandika mau.


Nanging para sakabat ora ngreti marang pangandika iku, amarga tegese isih peteng tumrap dheweke kabeh, mulane ora bisa mudheng. Ewasamono padha ora wani miterang bab pangandika mau.


Para sakabate Gusti Yesus ing wiwitan ora nyandhak marang prakara iku, nanging sawise Gusti Yesus kaluhurake, lagi padha kelingan, yen nas iku kagem Panjenengane lan manawa bab iku wus katindakake uga kagem Panjenengane.


Yudas, dudu si Iskariot, tumuli munjuk marang Gusti Yesus: “Gusti, sababipun punapa dene paduka badhe nglairaken sarira Paduka dhateng kawula sadaya, lan boten dhateng jagad?”


Tomas tumuli munjuk: “Gusti, kawula boten sumerep dhateng pundi tindak Paduka; dados kadospundi anggen kawula sumerep marginipun mrika?”


“Kabeh iku Daktuturake marang kowe, supaya kowe aja padha kacuwan lan nampik marang Aku.


“Mung kari sadhela kowe nuli bakal ora padha ndeleng marang Aku. Lan sadhela engkas banjur bakal padha ndeleng Aku maneh.”


Pangucape: “Apa ta tegese pangandika: Mung kari sadhela? Aku padha ora ngreti apa kang dipangandikakake iku.”


Gusti Yesus mirsa, yen para sakabate padha sumedya munjuk miterang marang Panjenengane, banjur ngandika: “Kowe apa padha rasanan bab pituturKu mau: Mung kari sadhela nuli kowe padha ora ndeleng Aku lan sadhela engkas banjur bakal padha ndeleng Aku maneh?


nanging saiki Aku lunga menyang ing ngarsane Panjenengane kang wus ngutus Aku, lan panunggalanmu ora ana kang takon marang Aku: Paduka tindak dhateng pundi?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan