Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 16:14 - Kitab Sutji

14 Panjenengane bakal ngluhurake Aku, amarga bakal martosake marang kowe apa kang katampi saka Aku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 16:14
20 Iomraidhean Croise  

“Ingsun bakal ngesokake rohing sih-rahmat lan rohing panyuwunan marang brayate Dawud lan para wong isine Yerusalem, satemah iku bakal padha mandeng marang kang wus katuwek dhewe lan bakal nangisi kang disuduk mau, patrape kaya nangisi anak ontang-anting lan nangis kelara-lara, patrape kaya nangisi anak pambarep.


Sing sapa nggondheli pepakonKu kalawan ditetepi, iya iku kang tresna marang Aku. Lan sing sapa tresna marang Aku, iku bakal dikasihi dening RamaKu sarta iya bakal Dakkasihi sarta Aku bakal nglairake sariraKu marang wong iku.”


Manawa Sang Juru Panglipur kang bakal Dakutus saka Sang Rama rawuh, iya iku Rohing kayekten kang miyos saka Sang Rama, iku bakal nekseni bab ing ngatase Aku.


Pangandikane mangkono iku mau kang dikarsakake yaiku Roh, kang bakal ditampa dening wong-wong kang padha pracaya marang Panjenengane. Dene nalika samana Roh Suci durung rawuh, amarga Gusti Yesus durung kamulyakake.


Mulane kowe padha daksumurupake, yen ora ana wong kang calathune marga saka Rohe Gusti Allah kok bakal kandha: “Yesus kena ing ipat-ipat!” lan uga ora ana wong kang bisa ngakoni: “Yesus iku Gusti,” yen ora marga dening Sang Roh Suci.


Awit Gusti Allah kang wus ngandika, “Saka ing pepeteng bakal ana pepadhang kang sumorot!”, iku uga kang nyorotake pepadhang ana ing ati kita, supaya kita kapadhangan ing kawruh bab kamulyane Gusti Allah kang katingal ana ing wedanane Sang Kristus.


Marga saka Roh, lan awit saka pracaya kita nganti-anti marang kabeneran kang kita arep-arep.


Wondene anggone kasebut aji iku tumraping kowe kang padha pracaya. Nanging tumrap kang padha ora pracaya: “Watu kang ditampik dening para juru gawe omah, iku wus dadi watu pojokan, apadene iya wus dadi watu sandhungan lan parang patanggoran.”


Anadene pepakone iku yaiku: supaya kita padha pracaya marang asmane Gusti Yesus Kristus, Kang Putra, lan supaya padha tresna-tinresnanana cocog karo pepakon kang kadhawuhake dening Sang Kristus marang kita.


Nanging kita padha sumurup, yen Putraning Allah wus rawuh sarta wus maringi pangreten marang kita, supaya kita padha wanuh marang Kang Sajati. Lan kita dumunung ana ing Kang Sajati, ana ing patunggilane Kang Putra Gusti Yesus Kristus, Panjenengane iku Allah Sajati lan gesang kang langgeng.


Iya iki kang rawuhe sarana banyu lan getih, yaiku Gusti Yesus Kristus, ora mung kalawan banyu bae, nanging kalawan banyu lan getih. Dene Roh iku kang paring paseksen, amarga Roh iku kayekten.


Aku banjur nyungkemi sampeyane kang ngandika mau arep sujud, nanging tumuli dipangandikani: “Aja mangkono! Aku iki padha kaya kowe lan para sadulurmu, kang nduweni paseksene Gusti Yesus. Sujuda marang Gusti Allah! Awit mungguh paseksene Gusti Yesus iku rohing pamedhar wangsit.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan