YOKANAN 16:13 - Kitab Sutji13 Nanging yen Sang Juru Panglipur iku rawuh, iya iku Rohing Kayekten, iku bakal nuntun kowe marang kayekten sasampurnane. Awit mungguh pamangsite iku ora bakal saka karsane piyambak, nanging sapamirenge iku kang bakal diwangsitake sarta kowe bakal diwartani bab-bab kang bakal kalakon. Faic an caibideil |
Sabab jebadan kang wus padha koktampani saka Panjenengane iku tetep ana ing kowe. Marga saka iku kowe ora prelu diwulang dening wong liya. Nanging kayadene bab anggone njebadi iku mulang marang kowe bab samubarang – lan piwulange iku nyata, ora goroh – lan kayadene anggone Panjenengane biyen wus mulang marang kowe, mangkono uga kowe padha tetepa ana ing Panjenengane.