Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 15:7 - Kitab Sutji

7 Manawa kowe padha tetep dumunung ana ing Aku lan pituturKu tetep dumunung ana ing kowe, padha nyenyuwuna apa bae kang kokkarepake mesthi bakal katurutan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 15:7
24 Iomraidhean Croise  

Ana ing Gibeon iku Sang Yehuwah ngatingal marang Sang Prabu Suleman ing sajroning supena ing wayah bengi. Gusti Allah ngandika: “Nyuwuna apa kang bakal Sunparingake marang sira.”


ing kono kowe mesthi ngrasakake kasenengan marga Kang Mahakuwasa tuwin bakal tumenga marang Gusti Allah.


Parentah kang miyos saka ing lathine ora dakterak; dhawuhing lesane daksimpen ing sajroning atiku.


Janji Paduka kawula simpen ing salebeting manah, supados kawula sampun ngantos damel dosa dhumateng Paduka.


lan bungaha marga saka Sang Yehuwah, dadi kowe mesthi diparingi pepenginaning atimu.


Wong duraka kataman apa kang disumelangake, nanging wong bener bakal kaparingan apa kang dikarepake.


aku diwulang bapakku, pituture mangkene: “Atimu dimen nggondheli tembung-tembungku; pituturku tetepana, temah kowe bakal urip;


Manawa mangkono pepadhangira bakal mlethek kaya bangbang wetan tuwin tatunira bakal enggal waras; kabeneran bakal dadi baris ana ing ngarepira lan kamulyaning Yehuwah dadi baris ana ing burinira.


Samangsa kawula pinanggih kaliyan sabda pangandika Paduka, lajeng kawula raosaken nikmatipun; pangandika Paduka punika dados kabingahan kawula saha nyenengaken manah kawula, amargi asma Paduka sinebut tumrap kawula, dhuh Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados.


“Padha nyenyuwuna, temah bakal kaparingan. Padha golek-goleka, temah bakal oleh. Padha thothok-thothoka, temah bakal kawenganan.


lan apa bae kang koksuwun atas saka jenengKu, Aku bakal ngleksanani, supaya Sang Rama kaluhurna ana ing Sang Putra.


Dudu kowe kang padha milih Aku, nanging Aku kang milih kowe. Sarta Aku wus netepake, supaya kowe padha lunga lan metokake woh lan wohmu iku lestaria, dimen kowe padha kajurungana apa kang koksuwun marang Sang Rama atas saka jenengKu.


Lan ing dina iku kowe ora bakal padha miterang apa-apa marang Aku. Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sabarang kang koksuwun marang Sang Rama, iku bakal kaparingake atas jenengKu.


Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong Yahudi kang padha pracaya, dhawuhe: “Manawa kowe padha ngantepi ing pituturKu, kowe sanyata padha dadi siswaKu,


“Aku wus weruh manawa kowe iku padha tedhak-turune Rama Abraham, nanging kowe padha ngarah mateni Aku, awit pituturKu ora oleh papan ana ing kowe.


Nanging kawengku ing emban lan pamomong nganti tumeka ing wektu kang wus ditemtokake dening bapakne.


Karepku yaiku: Lakumu padha manuta marang Roh, lan aja nuruti kapencuting daging.


Tembung-tembung kang diprentahake marang kowe ing dina iki, iku padha gatekna,


Muga pangandikane Sang Kristus dumunung ana ing antaramu kalawan luber, satemah anggonmu padha wuruk-winuruk lan eling-ingelingake nganggo sakehing kawicaksanan apadene sinambi nglagokake masmur lan puji-pujian sarta kidung kasukman, kowe padha saos sokur marang Gusti Allah sajroning atimu.


He, bocah-bocah, anggonku nulis layang marang kowe, amarga kowe wus padha wanuh karo Sang Rama. He, para bapa, aku nulis layang marang kowe, amarga kowe wus padha wanuh karo Panjenengane kang ing purwa mula wus ana. He, para wong anom, aku nuis layang marang kowe, amarga kowe padha santosa, sarta pangandikane Gusti Allah dumunung ana ing kowe, lan kowe wus padha ngalahake si pangawak dursila.


Sabab jebadan kang wus padha koktampani saka Panjenengane iku tetep ana ing kowe. Marga saka iku kowe ora prelu diwulang dening wong liya. Nanging kayadene bab anggone njebadi iku mulang marang kowe bab samubarang – lan piwulange iku nyata, ora goroh – lan kayadene anggone Panjenengane biyen wus mulang marang kowe, mangkono uga kowe padha tetepa ana ing Panjenengane.


lan apa bae kang kita suwun, kita padha diparingi, amarga padha netepi sakehing pepakone sarta nglakoni apa kang ndadekake keparenge.


Anadene anggon kita tatag ing pracaya marang Gusti Allah iku jalaran manawa kita padha nyuwun apa-apa marang Panjenengane, kang nyondhongi ing karsane, mesthi disembadani.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan