6 Sing sapa ora tetep dumunung ana ing Aku, iku dibuwang metu kaya pang mau, temah dadi garing, tumuli padha dikukupi lan banjur dicemplungake ing geni, sarta diobong.
Dhuh Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, Paduka mugi karsaa wangsul, mirsanana saking ing swara sarta ningalana. Paduka mugi karsaa nggatosaken wit anggur punika,
Nanging kowe iki wus kabuwang, adoh saka ing pakuburanmu, kayadene trubusan kang nggegilani, kang katutupan ing mayite para kang sinuduk ing pedhang lan ambruk tumiba ing watu-watuning luwangan kuburan, kaya bathang kang kepidak-pidak.
Amarga kutha-beteng iku dununge mencil, sawijining papan panggonan kang disuwungake lan ditinggal kayadene ara-ara samun; pedhet bakal nyenggut lan mlegung ana ing kono sarta ngentekake pang-panging wit-witan.
Sira tutura: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Kang mangkono iku apa bakal mikolehi? Apa oyod-oyode ora bakal didhungkari ing wong lan wohe apa ora bakal dirantasi, satemah godhong-godhonge kang enom padha dadi garing? Ora usah tangan kang rosa lan wong akeh kang mbedhol saoyod-oyode.
Putraning Manungsa bakal ngutus para malaekate kadhawuhan nglumpukake samubarang kabeh kang dadi sandhungan lan sakabehing wong kang nglakoni duraka ana ing Kratone,
Sabab manawa wong-wong mau marga saka anggone wis wanuh marang Gusti sarta Juruwilujeng kita Gusti Yesus Kristus, wis padha ngoncati ing jejembere donya, mangka banjur kasrimped maneh ing kono, iku wekasane alane ngluwihi sadurunge.
Asale Anti-Kristus iku pancen saka ing antara kita, nanging sanyatane padha dudu panunggalan kita; awit saupama temen-temen dadia panunggalan kita, mesthi padha tetep nunggal karo kita. Nanging kelakone iku supaya tetelaa yen dheweke ora kabeh nyata dadi panunggalan kita.
Nanging para wong kang jirih, lan wong kang ora pracaya, kang ambek nistha, kang mateni wong, kang laku jina, kang olah panenungan, kang nyembah brahala, lan sakehe wong kang para-cidra, iku pandumane ana ing sagara geni lan walirang kang murub; yaiku pati kang kapindho.”