5 Aku iki wite anggur lan kowe pang-pange. Sing sapa tetep dumunung ana ing Aku, lan Aku ana ing dheweke, iku kang metu wohe akeh, awit manawa tanpa Aku, kowe padha ora bisa tumindak apa-apa.
nanging ora ana oyode ing batine, dadi ora antepan. Bareng tuwuh panyiyanyiya utawa panganiaya marga saka pangandika iku, wong mau banjur enggal murtad.
Satemen-temene pituturKu marang kowe: Manawa wiji gandum ora tumiba ing lemah, lan mati, mesthi tetep saelas bae; nanging manawa wiji iku mati, bakal metokake woh akeh.
Dudu kowe kang padha milih Aku, nanging Aku kang milih kowe. Sarta Aku wus netepake, supaya kowe padha lunga lan metokake woh lan wohmu iku lestaria, dimen kowe padha kajurungana apa kang koksuwun marang Sang Rama atas saka jenengKu.
Ing kono Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temene pituturKu ing kowe: Sang Putra ora bisa nindakake apa-apa saka awake dhewe, manawa Panjenengane ora weruh kang katindakake dening Sang Rama. Sabab apa kang katindakake dening Sang Rama, iku uga katindakake dening Sang Putra.
Kaliyan malih boten wonten karahayon wonten ing sintena kemawon, kajawi wonten ing Panjenenganipun, amargi ing sakurebing langit punika boten wonten asma sanesipun ingkang kaparingaken dhateng manungsa, ingkang dados margining karahayon kita.”
Nanging saiki bareng kowe wus padha kauwalake saka ing dosa lan bareng kowe wus padha dadi abdining Allah, kowe padha ngundhuh woh kang nuntun kowe marang kasucen sarta wekasane iku urip kang langgeng.
Yen mangkono, para sadulurku, kowe iya wis padha mati tumrap ing angger-anggering Toret, jalaran saka sarirane Sang Kristus, supaya kowe dadia kagunganing liyan, yaiku kagungane Panjenengane, kang wus kawungokake saka ing antarane wong mati, amrih kita padha metokna woh, sumaos kagem Gusti Allah.
Tuwunging pamuji sokur kang kita pujekake, apa ora minangka patunggalan klayan rohe Sang Kristus? Apa roti kang kita cuwil-cuwil iku ora minangka patunggalan klayan sarirane Sang Kristus?
Sabab, kayadene badan iku siji, mangka gegelitane akeh; sarta sakehe gegelitaning badan iku sanadyan akeh, padha dadi badan siji; mangkono uga Sang Kristus.
Panjenengane kang nyawisake winih kanggo kang nyebar, lan roti kanggo pangan, iku uga bakal nyawisi winih marang kowe lan ditikelake sarta nuwuhake pametuning kabeneranmu;
temah uripmu ana ing ngarsane bisa kalawan sapatute lan ndadekake keparenge tumrap sadhengah prakara, lan sajrone nindakake sakabehing panggawe becik bisa metokake woh, lan maneh saya mundhak murni kawruhmu ing bab Gusti Allah,
kang wus padha koktampani. Injil mau metokake woh lan mekar nyrambahi ing sajagad, malah iya tekan ing antaramu wiwit ing dina anggonmu krungu lan mangreti temenan marang sih-rahmate Gusti Allah.
Angger peparing kang becik sarta ganjaran kang sampurna iku saka ing luhur, tumurun saka ing Ramane sakehing pepadhang, kang ora owah gingsir utawa ora ana empering pamalike.
Padha sowana ing Panjenengane kang minangka watu kang urip iku, kang pancen ditampik dening manungsa, nanging kang pinilih lan aji ana ing ngarsaning Allah.
Malah padha mundhak-mundhaka ing sih-rahmat sarta ing pangawruh marang Gusti lan Sang Juruwilujeng kita, Gusti Yesus Kristus. Panjenengane kang sayogya kagungan kamulyan ing samengko nganti tumeka ing salawas-lawase.