26 Manawa Sang Juru Panglipur kang bakal Dakutus saka Sang Rama rawuh, iya iku Rohing kayekten kang miyos saka Sang Rama, iku bakal nekseni bab ing ngatase Aku.
Sabanjure kowe bakal padha Dakkirimi apa kang wis dijanjekake dening RamaKu. Nanging kowe padha anaa ing kutha kene dhisik, nganti kowe wis padha kaparingan kasekten saka ing ngaluhur.”
nanging Sang Juru Panglipur, iya iku Sang Roh Suci, kang bakal diutus dening Sang Rama atas saka jenengKu, iku kang bakal mulangake samubarang kabeh marang kowe sarta bakal ngelingake kowe sabarang kang wus Dakwulangake marang kowe.
Nanging kang Dakpituturake marang kowe iki bener: Luwih maedahi marang kowe, manawa Aku lunga. Jalaran manawa Aku ora lunga, Sang Juru Panglipur iku ora bakal ngrawuhi kowe, nanging manawa Aku lunga, Sang Juru Panglipur Dakutus marang kowe.
Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa Gusti Allah iku Ramamu, kowe mesthi padha tresna marang Aku, awit wijilKu lan tekaKu iku saka ing Allah. Apa maneh tekaKu iku iya ora saka karepKu dhewe, nanging Panjenengane kang ngutus Aku.
Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus dhahar bebarengan karo para rasul, iku padha ora diparengake ninggal kutha Yerusalem, sarta padha didhawuhi ana ing kono, ngenteni janjine Sang Rama, kang – mangkene pangandikane – “wis padha kokrungu saka Aku.
Mangka Gusti Allah ingkang nguningani manahing manungsa, sampun kepareng nampeni tiyang-tiyang wau, lajeng ugi sami kaparingan Roh Suci kadosdene kita,
Wondene kula ingkang sami dados seksinipun prakawis punika sadaya, kula sadaya saha Sang Roh Suci, ingkang sampun kaparingaken dening Gusti Allah dhateng sadaya tiyang ingkang mbangun miturut dhumateng ing Panjenenganipun.”
Gusti Allah ngekahake paseksene kanthi tandha-tandha lan kaelokan sarta panguwasa warna-warna sarta kalawan Roh Suci, kang diedum-edumake ing sakarsane.