Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 15:12 - Kitab Sutji

12 PepakonKu iku mangkene, iya iku supaya kowe padha tresna-tinresnanana, dikaya anggonKu wus nresnani kowe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 15:12
16 Iomraidhean Croise  

“Ingsun ngasihi marang sira,” – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –. Nanging sira munjuk: “Anggen Paduka ngasihi kawula caranipun kadospundi?” “Esap iku rak kamase Yakub,” – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah –, “ewasamono Yakub Sunkasihi,


Kowe padha Dakwenehi pepakon anyar, iya iku supaya kowe padha tresna-tinresnanana: dikaya anggonKu wus tresna marang kowe, kowe iya padha tresna-tinresnanana uga.


Iki pepakonKu marang kowe: Padha tresna-tinresnanana.”


Kowe padha tresna-tinresnanana dikaya sadulur, lan dadia tuladha ing bab ajen-ingajenan.


lan padha lumakua ing katresnan, kayadene Sang Kristus Yesus uga wus ngasihi kowe kabeh lan masrahake sarirane kanggo kita minangka pisungsung lan korban kang arum kagem Gusti Allah.


Sarta maneh, muga Gusti karsa ndadekake saya wuwuhing katresnanmu nganti luber marang padha sadulur lan marang wong kabeh, padha kaya anggonku iya padha nresnani kowe.


Bab katresnaning pasaduluran ora prelu daktulis, awit kowe dhewe wus padha kawulang tresna-tinresnan dening Pangeran.


Aku padha kawajiban tansah saos sokur marang Allah marga saka kowe kabeh, para sadulur. Lan pancen kudune mangkono, awit pracayamu saya mundhak-mundhak lan anggonmu padha tresna-tinresnan saya banget


Sarehne kowe wus nucekake nyawamu sarana pambangun-turut marang kayekten, satemah padha bisa nindakake katresnan ing pasaduluran kang tanpa lamis, mulane padha mempenga anggonmu tresna-tinresnan kanthi gumolonging atimu.


Wasana kowe kabeh padha disaiyeg tunggal rasa, tresna marang para sadulur, ambek welasan, sarta andhap-asor.


Nanging kang prelu dhewe padha mempenga anggonmu tresna-tinresnan, jalaran katresnan iku nutupi dosa kang akeh banget.


Anadene pepakone iku yaiku: supaya kita padha pracaya marang asmane Gusti Yesus Kristus, Kang Putra, lan supaya padha tresna-tinresnanana cocog karo pepakon kang kadhawuhake dening Sang Kristus marang kita.


Karodene dhawuh timbalan iki oleh kita iya saka Panjenengane: Sapa kang tresna marang Gusti Allah, iku iya kudu tresna marang sadulure uga.


Dene ing samengko panjalukku marang kowe, ibu, – ora kok kaya-kaya aku nulis pepakon anyar marang kowe, nanging miturut pepakon kang wus kita duweni wiwit-wiwitan mula – supaya kita padha tresna-tinresnanana.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan