Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 14:9 - Kitab Sutji

9 Pangandikane Gusti Yesus: “Wus samono lawase anggonKu nunggal karo kowe kabeh, Filipus, nanging kowe kok ora wanuh marang Aku? Sing sapa wus ndeleng Aku, iku wus ndeleng Sang Rama; kapriye dene kowe kandha: Kawula mugi sami Paduka tedahi Sang Rama?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 14:9
16 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu Abimelekh tumuli nimbali Rama Iskak lan ngandika: “Lah sampun tamtu punika ingkang garwa, kadospundi dene panjenengan ndadak ngandika: Punika sadherek kula?” Ature Rama Iskak marang Sang Raja: “Margi osiking manah kula: Sampun ngantos kula dipun pejahi margi saking piyambakipun.”


Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud. Aku ngayom marang Sang Yehuwah, kepriye dene kowe padha wani kandha marang aku: “Mabura menyang gunung kaya manuk!”


Kapriye dene sira kok wani ngucap: Aku ora tau najisake awakku, aku ora tau ngetutwuri para Baal? Delengen tindak-tandukira ana ing lebak, kawruhana apa kang wus sira lakoni; he, unta wadon kang cancingan lan mloya-mlayu mrana-mrene,


Gusti Yesus banjur ngandika: “Heh, jinis kang ora duwe pangandel, nganti pira lawase anggonKu kudu tetunggalan karo kowe? Nganti pira lawase anggonKu kudu nyabari kowe? Bocahe prenekna!”


Heh, wong lamis, semuning bumi lan langit kowe padha bisa niteni, yagene kowe ora bisa niteni kaanane jaman saiki?


Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake marang Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang-anting Sang Rama, kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayekten.


Aku lan Sang Rama iku siji.”


Sarta sing sapa nyawang Aku, iku nyawang Panjenengane kang ngutus Aku.


Ing wektu iku kowe bakal padha nyumurupi, yen Aku ana ing RamaKu lan kowe padha ana ing Aku, tuwin Aku ana ing kowe.


Manawa kowe padha wanuha marang Aku, mesthi kowe kabeh iya wanuh marang RamaKu. Wiwit saiki kowe padha wanuh marang Panjenengane sarta wus padha ndeleng marang Panjenengane.”


Wong mau padha munjuk: “Ingkang Rama wonten ing pundi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe padha ora wanuh marang Aku, lan iya ora wanuh marang RamaKu. Manawa kowe wanuh marang Aku, mesthi iya wanuh marang RamaKu.”


Anadene yen dakwartakake, manawa Sang Kristus kawungokake saka ing antarane wong mati, yagene ing antaramu kok ana kang ngarani manawa ora ana tangine wong mati?


kang sanadyan ngagem sipating Allah, ewadene anggone sajajar karo Gusti Allah iku ora kaanggep bab kang kudu dikekahi,


Panjenengane iku citrane Gusti Allah kang ora katingal, kang pambayun, kang luwih pinunjul tinimbang samubarang kabeh kang dititahake,


Panjenengane dadi cahya kamulyane Gusti Allah sarta gambar wujuding Allah lan nyanggi samubarang kabeh sarana sabdane kang kebak panguwasa. Lan sawise rampung anggone ngresiki dosa, Panjenengane lenggah ing satengene Kang Mahaagung ana ing ngaluhur;


Nanging kita padha sumurup, yen Putraning Allah wus rawuh sarta wus maringi pangreten marang kita, supaya kita padha wanuh marang Kang Sajati. Lan kita dumunung ana ing Kang Sajati, ana ing patunggilane Kang Putra Gusti Yesus Kristus, Panjenengane iku Allah Sajati lan gesang kang langgeng.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan