Sapa kang ngawula marang Aku, padha ngetut-buria Aku lan ing ngendi padununganKu, kawulaKu iya bakal ana ing kono uga. Sing sapa ngawula Aku, dheweke bakal diajeni dening Sang Rama.
Gusti Yesus mirsa, yen Sang Rama wus masrahake samubarang kabeh marang Panjenengane sarta yen Panjenengane iku pinangkane saka ing Allah, lan wangsul marang Allah.
Kowe wus padha krungu, yen Aku wus kandha marang kowe: Aku lunga, nanging bakal nekani kowe maneh. Manawa kowe tresna marang Aku, kowe mesthi padha bungah dene Aku lunga menyang ngarsane Sang Rama, sabab Sang Rama iku ngluwihi Aku.
Dene manawa Aku wus mrana lan wus nyawisake papan kanggo kowe, tumuli Aku bakal bali lan ngajak kowe menyang ing papan padununganKu, supaya ing ngendi padununganKu, kowe iya padha anaa ing kono uga.
Sing sapa pracaya marang Sang Putra, iya nduweni urip langgeng, nanging sing sapa ora mituhu marang Sang Putra, iku bakal ora weruh ing urip, nanging malah langgeng anggone kataman ing bebenduning Allah.”
Sabab karsane RamaKu iku, yaiku supaya saben wong kang ndeleng lan pracaya marang Sang Putra, iku nduwenana urip langgeng, sarta supaya Aku nangekna besuk ing wekasaning jaman.”