Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 14:31 - Kitab Sutji

31 Nanging supaya jagad sumurupa, yen Aku tresna marang Sang Rama sarta manawa Aku nglakoni samubarang kabeh kang didhawuhake Sang Rama marang Aku, mara ngadega, ayo padha lunga saka ing kene.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 14:31
17 Iomraidhean Croise  

Kula lajeng munjuk: “Lah punika kawula sowan; ing gulunganing kitab sampun wonten seratipun ingkang magepokan kaliyan kawula;


Pangeran Allah wus ngwengakake talinganingSun lan Ingsun ora mbangkang, ora mengo memburi.


Panjenengane banjur tindak ora adoh saka ing kono, nuli sujud lan ndedonga, ature: “Dhuh, Rama kawula, manawi pancen saged, mugi tuwung punika sumingkir saking Kawula, nanging sampun ngantos kajeng Kawula, namunga sakarsa Paduka.”


Padha tangia, ayo padha lunga, kang ngulungake Aku wis cedhak.”


Aku kudu nampani baptis lan sapira gedhene kasusahaning atiKu, sadurunge iku rampung!


Ora ana wong siji bae kang ngrebut nyawaKu, nanging Dakulungake miturut sakarepKu dhewe. Aku kuwasa ngulungake, lan kuwasa ngukup maneh. Dhawuh iki kang Daktampa saka RamaKu.”


Saiki nyawaKu trenyuh. Lan Aku bakal matur apa? Dhuh, Rama, Paduka mugi ngluwari Kawula saking wekdal punika? Ora, awit iya iku prelune anggonKu teka ing wektu iki.


Awit Aku mituturi iku ora saka Aku dhewe, nanging saka Sang Rama kang ngutus Aku; Panjenengane iku kang paring dhawuh marang Aku, supaya ngandhakake apa kang kudu Daktuturake lan kang Dakterusake.


Anadene sadurunge riyaya Paskah, Gusti Yesus wus mirsa, manawa wus tekan ing titi-mangsane anggone bakal tindak saka ing donya iki sowan marang ing ngarsane Sang Rama. Padha kayadene Panjenengane anggone tansah ngasihi marang para kagungane kang ana ing donya, mangkono uga saiki Panjenengane anggone ngasihi iku nganti tumeka ing wekasane.


“Kaya Sang Rama wus ngasihi Aku, mangkono uga Aku iya wus ngasihi kowe; padha tetepa dumunung ing sihKu iku.


Gusti Yesus tumuli ngandika marang Petrus: “Pedhangmu wrangkakna; apa Aku ora kudu ngombe isine tuwung peparinge Sang Rama marang Aku?”


Pangandikane Gusti Yesus: “Kang dadi panganKu iya iku anggonKu nglakoni karsane kang ngutus Aku, sarta ngrampungake ayahane.


Apamaneh ing sajrone wujud manungsa iku Panjenengane wus ngasorake sarirane lan sumuyud nganti seda ana ing kayu salib.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan