Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 14:28 - Kitab Sutji

28 Kowe wus padha krungu, yen Aku wus kandha marang kowe: Aku lunga, nanging bakal nekani kowe maneh. Manawa kowe tresna marang Aku, kowe mesthi padha bungah dene Aku lunga menyang ngarsane Sang Rama, sabab Sang Rama iku ngluwihi Aku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 14:28
29 Iomraidhean Croise  

Karetane Gusti Allah iku puluhan ewu, malah ewon kehe, Pangeran wus tedhak saka ing gunung Sinai lumebet ing padaleman suci.


bumi gonjang-ganjing, malah langit nurunaken jawah wonten ing ngarsanipun Gusti Allah; redi Sinai hoyag wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, Allahipun Israel.


Delengen iku abdiningSun kang Sunasta, pilihaningSun kang ndadekake renaningSun. Kang wus Sunparingi RohingSun, supaya banjur ngundhangake kabeneran marang para bangsa.


Sawuse nyawane nandhang sungkawa Panjenengane bakal mirsani pepadhang nganti tuwuk; tuwin AbdiningSun iku, sarehne wong bener, bakal ngleresake wong akeh kalawan kawicaksanane, lan ngrembat pialane wong-wong mau.


“Lah iku AbdiningSun, pilihaningSun, kekasihingSun, kang ndadekake keparenging galihingSun, bakal Sunparingi RohingSun, sarta bakal ngundhangake pangadilan marang sakabehing bangsa.


Nanging manawa Aku nglakoni iku mau, mangka kowe padha ora gelem pracaya marang Aku, padha pracayaa marang pakaryan-pakaryan iku supaya kowe padha sumurup lan pracaya yen Sang Rama ana ing Aku lan Aku ana ing Sang Rama.”


Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sawijining abdi iku ora ngungkuli bendarane, utawa sawijining utusan iya ora ngungkuli kang ngutus.


Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa pracaya marang Aku, iku bakal nindakake uga panggawe-panggawe kang Daklakoni, malah panggawe-panggawe kang luwih wigati katimbang karo iku. Awit Aku lunga menyang ing ngarsane RamaKu;


Kowe ora bakal Daktinggal lola, Aku bakal mbaleni kowe.


Nanging kang Dakpituturake marang kowe iki bener: Luwih maedahi marang kowe, manawa Aku lunga. Jalaran manawa Aku ora lunga, Sang Juru Panglipur iku ora bakal ngrawuhi kowe, nanging manawa Aku lunga, Sang Juru Panglipur Dakutus marang kowe.


Pangandikane Gusti Yesus: “Aja nggepok marang Aku, awit Aku durung sowan ing ngarsane RamaKu, nanging lungaa nemonana para sadulurKu, lan padha kandhanana, manawa Aku arep sowan menyang ing ngarsane RamaKu lan Ramamu ing ngarsane AllahKu lan Allahmu.”


Gusti Yesus banjur ngandika maneh: “Tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh! Kaya anggonKu kautus dening Sang Rama, kowe saiki iya padha Dakkongkon.”


Kang iku wong Yahudi mundhak nemen maneh pangarahe nyedani Gusti Yesus iku, awit ora ngemungake nerak Sabat bae, nanging uga marga mastani yen Gusti Allah iku Kang Rama piyambak, dadi sarirane dipadhakake Gusti Allah.


Gusti Yesus banjur ngandika: “Mung kari sawatara mangsa anggonKu ana ing antaramu, nuli Aku bakal sowan marang kang ngutus Aku.


Nanging karepku, kowe padha nyumurupana bab iki, yaiku sesirahe saben wong lanang iku Sang Kristus, dene sesirahe wong wadon iku kang lanang, sarta Sesirahe Sang Kristus iku Gusti Allah.


Panjenengane kang koktresnani sanadyan ora tau kokdeleng sarta kokpracaya sanadyan saiki ora koksipati: Kowe padha sukarena, marga saka anane kabungahan kang mulya lan kang ora kena kinira-kira,


pangandikane: “Apa kang sira deleng, iku tulisana ing kitab lan kirimna marang pasamuwan pepitu iki: marang Efesus, marang Smirna, marang Pergamus, marang Tiatira, marang Sardhis, marang Filadhelfia lan marang Laodhikia.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan