Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 14:27 - Kitab Sutji

27 Kowe padha Daktinggali tentrem-rahayu. Tentrem-rahayuKu Dakwenehake marang kowe, lan apa kang Dakwenehake iku ora kaya pawewehe jagad marang kowe. Atimu aja melang-melang lan aja giris.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 14:27
65 Iomraidhean Croise  

Anadene karajane Sang Prabu Yosafat ngalami tentrem, jalaran Gusti Allahe ngganjar katentreman warata.


Manawa Panjenengane kendel, sapa kang bakal nibakake paukuman? Manawa ngumpetake pasuryane, sapa kang bakal sumurup Panjenengane, sanajana bangsa utawa sawiji-wijining wong? –,


Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud. Aku ngayom marang Sang Yehuwah, kepriye dene kowe padha wani kandha marang aku: “Mabura menyang gunung kaya manuk!”


ora wedi marang kabar kang ala, atine teteg, kumandel banget marang Pangeran Yehuwah,


Anggitane Prabu Dawud. Sang Yehuwah kang dadi pepadhangku lan pamartaku, sapa kang dakwedeni? Sang Yehuwah kang dadi bebetenging uripku, sapa kang marakake aku gumeter?


Kawula sampun ngantos Paduka sered sesarengan kaliyan tiyang duraka, utawi ingkang nglampahi awon, ingkang tangkepipun sae dhateng sesaminipun, nanging manahipun kebak piawon.


Sang Yehuwah muga karsaa paring kakuwatan marang umate, Sang Yehuwah muga karsaa mberkahi umate kalawan tentrem rahayu.


Gusti Allah, kang sabdane dakegungake, Pangeran Yehuwah, kang sabdane dakegungake.


Mengsah-mengsah kawula sami ngidak-idak kawula sadinten muput, malah kathah tiyang ingkang nglawan kawula kalayan gumunggung.


Sageda panjenenganipun ngereh para umat Paduka klayan adil, sarta para kawula Paduka ingkang katindhes, kalayan angger-angger!


Ing jaman sugengipun kaadilan mugi saged mekar, sarta tentrem rahayu sageda luber, ngantos rembulan sampun boten wonten malih.


Sanyata, karaharjan kang saka ing Pangeran iku cepak tumrap wong kang wedi-asih marang Panjenengane, satemah nagara kita kadunungan kamulyan.


Kowe ora usah wedi marang pagiris ing wayah bengi, marang panah kang lumepes ing wayah awan,


Aja wedi marang pagiris kang tekane dadakan, utawa marang karusakane wong duraka, samangsa nekani.


Gusti Allah iku sanyata dadi karaharjanku; aku kumandel ora kalawan gumeter, amarga Sang Yehuwah Allah iku kakuwatanku lan masmurku, Panjenengane wus dadi karaharjanku.”


sira aja wedi, sabab Ingsun nganthi marang sira, sira aja melang-melang, awit Ingsun iki Allahira. Ingsun bakal nyantosakake, malah bakal mitulungi sira; Ingsun bakal nganthi sira kalawan astaningSun tengen kang njalari menang.


Sira aja wedi, he si cacing Yakub, he si uler Israel! Iya Ingsun iki kang mitulungi sira, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, lan nebus sira iku Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.


Anakira kabeh bakal padha dadi siswaning Yehuwah, tuwin bakal kadunungan karahayon gedhe;


Lah sira bakal padha mangkat kalawan bungah lan bakal kaeterake kalawan tentrem; gunung-gunung lan tengger-tengger bakal padha gambira lan surak-surak ana ing ngarepira, lan sakehing wit-witan ing ara-ara bakal keplok-keplok.


Ingsun bakal karya pepujian. Tentrem, tentrem rahayu marang wong kang adoh lan kang cedhak – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah – sarta kang bakal Sunwarasake!


Gedhe pangwaose, tuwin tentrem rahayu bakal tanpa wekasan ana ing dhampare Sang Prabu Dawud lan ana ing karajane, awit iku kadhasarake lan kasantosakake kalawan kaadilan lan kabeneran wiwit saiki nganti ing salawas-lawase. Adrenging panggalihe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal nindakake iki.


Aja sira wedi marang wong-wong iku, amarga Ingsun nganthi sira supaya ngluwari sira, mangkono dhawuh pangandikane Sang Yehuwah.”


Nyawa kawula Paduka pisahaken saking ing katentreman, kawula kasupen dhateng kabegjan.


Lan sira, anaking manungsa, aja wedi marang wong-wong iku tuwin marang tembung-tembunge, sanadyan sira kinepung ing lateng lan eri, sarta pamanggonira ana ing tengahe kalajengking. Aja wedi marang tembung-tembunge lan aja ndhredheg ana ing ngarepe, amarga iku jinis kang ambek mbalela.


Saka Sang Prabu Nebukadnezar marang wong-wong saka sakehing bangsa lan basa, kang manggon ing salumahing bumi kabeh: “Muga tentrem rahayunira saya wuwuh-wuwuha!


Sang Prabu banjur dhawuh nyepeng para kang padha nggugat Sang Dhaniel sarta padha kacemplungake ing luwenging singa dalasan para putra lan garwane pisan. Durung nganti tekan ing dhasaring luweng wus padha kadekep dening singa, malah balung-balunge padha karemuk.


Panjenengane kang bakal mbangun padalemane Sang Yehuwah, sarta kang bakal tampi kaluhuran sarta lenggah ana ing dhampare kalawan ngasta paprentahan. Ing tengene bakal ana sawijining imam, sarta panjenengane sakarone iku bakal padha pirembagan bab damel tentrem-rahayu.


Pangeran Yehuwah muga karsaa nungkulake wadanane marang kowe, lan maringana tentrem rahayu.


Mulane wong iku aja padha kokwedeni, awit ora ana barang kang kasasaban, kang ora bakal kawiyak, lan ora ana barang kang kadhelikake, kang bakal ora kaweruhan.


karsa madhangi sakabehing wong kang padha andhok ing pepeteng lan ana ing wayanganing pati, apadene ngenerake sikil kita marang dalaning karahayon.”


Manawa kowe lumebu ing sawijining omah, padha ngucapa mangkene dhisik: Tentrem rahayu mugi wontena ing dalem ngriki.


Aku pitutur marang kowe, heh, mitra-mitraKu, aja wedi marang wong-wong kang bisa mateni badan, nanging sawise mangkono ora bisa apa-apa maneh.


“Kamulyakna Gusti Allah kang ana ing ngaluhur lan tentrem-rahayu anaa ing bumi, ing antarane manungsa kang dadi renaning panggalihe.”


“Atimu aja melang-melang; padha kumandela ing Allah, iya kumandela ing Aku uga.


AnggonKu mulangake iku mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe padha oleha tentrem-rahayu ana ing Aku. Ana ing donya kowe padha nandhang panganiaya, nanging padha diteteg atimu, Aku wus ngalahake donya.”


Bareng ing wayah bengi ing dina kapisan minggu iku para sakabate Gusti Yesus padha nglumpuk ana ing sawijining papan, lawange padha kakancing awit saka wedine marang wong Yahudi. Ing nalika iku Gusti Yesus rawuh jumeneng ana ing tengah-tengahe para sakabat sarta ngandika: “Tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh!”


Gusti Yesus banjur ngandika maneh: “Tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh! Kaya anggonKu kautus dening Sang Rama, kowe saiki iya padha Dakkongkon.”


Bareng tumeka ing wolung dinane para sakabate Gusti Yesus padha ana ing jero omah iku maneh sarta Tomas iya ana. Gusti Yesus tumuli rawuh nalika lawange padha kakancing, banjur jumeneng ana ing tengah-tengahe para sakabat sarta ngandika: “Tentrem-rahayu anaa ing kowe!”


Pangandika ingkang supados kadhawuhaken dhateng tiyang-tiyang Israel, inggih punika pangandika ingkang martosaken bab tentrem-rahayu dening Gusti Yesus Kristus ingkang jumeneng dados Gustinipun sadaya tiyang.


Ing sawijining bengi Gusti ngandika marang Rasul Paulus sarana wahyu: “Aja wedi! Terusna anggonmu martakake pangandika lan aja leren!


marang sakehe para sadulur kang manggon ing kutha Rum, iya para kekasihe Gusti Allah, kang katimbalan lan kadadekake suci. Sih-rahmat anaa ing kowe kabeh lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus.


Muga-muga Gusti Allah, etuking pangarep-arep, maringana ganjaran marang kowe kabeh sagunging kabungahan sarta tentrem-rahayu ing sajroning pracayamu, supaya kowe padha sugiha pangarep-arep marga saka sawabe Sang Roh Suci.


Mulane kita kang wus padha kabenerake awit saka pracaya, kita padha urip kalawan rukun karo Gusti Allah marga dening Gusti kita, Gusti Yesus Kristus.


Sabab, manawa ing nalikane kita isih padha dadi satru wus karukunake kalawan Gusti Allah dening sedane Kang Putra, mendahane maneh saiki sawise karukunake, mesthi kita bakal kapitulungan rahayu awit saka gesange.


Awitdene pangangen-angene daging iku pati, balik pangangen-angene Sang Roh iku urip lan tentrem-rahayu.


Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yesus Kristus, anaa ing kowe kabeh.


Sih-rahmat anaa ing kowe lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yesus Kristus,


Dene wohing Roh yaiku: katresnan, kabungahan, tentrem-rahayu, sabar-sareh, paramarta, kabecikan, setya,


Lan kabeh wong kang lakune katuntun dening wewaton iki, tentrem-rahayu lan rahmat muga tumurun marang wong-wong iku lan marang Israel kagungane Gusti Allah.


Temahan tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah, kang ngungkuli saliring budi, bakal rumeksa marang ati lan pangangen-angenmu ana ing Sang Kristus.


marang para sadulur kang suci lan kang pracaya ana ing patunggilane Gusti Kristus, kang ana ing Kolose. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita, anaa ing kowe kabeh.


kang ngrukunake samubarang kabeh karo sarirane, kang ana ing bumi lan kang ana ing swarga; yaiku sawuse ngawontenake pirukun sarana rohe Gusti Kristus kang sinalib.


Muga tentrem-rahayune Gusti Kristus ngereh ana ing sajroning atimu, marga iya kaya mangkono iku anggonmu padha katimbalan dadi badan siji. Sarta saosa sokur.


Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka ing Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yesus Kristus anaa ing kowe kabeh.


Anadene Panjenengane, Gustining tentrem-rahayu, muga tansah paring tentrem-rahayu marang kowe kabeh ing sadhengaha kaanan. Muga Gusti nunggila karo kowe kabeh.


Awit kang diparingake dening Gusti Allah marang kita iku dudu rohing kajirihan, nanging roh kang nukulake kakuwatan, katresnan lan katertiban.


Dene Gusti Allahing tentrem-rahayu kang kanthi rahing prasetyan kang langgeng wus ngentasake saka ing antarane wong mati. Pangene sakabehing wedhus kang pinunjul, iya iku Gusti Yesus, Gusti kita,


Rama Abraham uga nyaosake saprasapuluhe samubarang marang panjenengane. Manut tegese asma Melkisedhek iku sapisan ateges ratuning kaadilan, sarta uga ratu ing Salem, yaiku ratuning tentrem-rahayu,


Saka Yokanan marang pasamuwan pepitu kang ana ing tanah Asia-Cilik: Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh, saka Panjenengane, kang ana lan kang wus ana sarta kang bakal rawuh, apadene saka roh pepitu kang padha ana sangareping dhampar,


Sira aja wedi ing sadhengaha kasangsaran kang kudu sira sangga! Lah sanyatane Iblis bakal nglebokake wong sawatara panunggalanira marang ing pakunjaran supaya sira kadadara sarta sira bakal kataman ing kasusahan sapuluh dina lawase. Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati, temah bakal Sunganjar makuthaning kauripan.


Nanging para wong kang jirih, lan wong kang ora pracaya, kang ambek nistha, kang mateni wong, kang laku jina, kang olah panenungan, kang nyembah brahala, lan sakehe wong kang para-cidra, iku pandumane ana ing sagara geni lan walirang kang murub; yaiku pati kang kapindho.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan