25 Kabeh iku mau Dakwarahake marang kowe, mumpung Aku isih nunggal karo kowe;
Samengko kowe padha Daktuturi sadurunge bab iku kalakon, supaya manawa bab iku kalakon, kowe padha pracayaa, yen iya Aku iki Panjenengane.
Sing sapa ora tresna marang Aku, iku ora netepi ing pituturKu; lan pituturKu kang kokrungu iku ora saka Aku, nanging saka Sang Rama kang ngutus Aku.
nanging Sang Juru Panglipur, iya iku Sang Roh Suci, kang bakal diutus dening Sang Rama atas saka jenengKu, iku kang bakal mulangake samubarang kabeh marang kowe sarta bakal ngelingake kowe sabarang kang wus Dakwulangake marang kowe.
Lan saiki uga kowe padha Daktuturi sadurunge bab iku kalakon, supaya samangsa kalakon, kowe padha pracaya.
Kabeh iku Daktuturake marang kowe, supaya kabungahanKu dumununga ing kowe lan kabungahanmu dadia sampurna.
Isih akeh prakara kang prelu Daktuturake marang kowe, nanging saiki kowe durung bisa nggayuh.