Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 14:17 - Kitab Sutji

17 iya iku Rohing Kayekten. Jagad ora bisa nampani Panjenengane, amarga jagad ora nyumurupi lan ora wanuh karo Panjenengane, nanging kowe padha wanuh marang Panjenengane, amarga Panjenengane nunggil karo kowe lan bakal dedalem ana ing kowe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 14:17
30 Iomraidhean Croise  

Ati iku ngrasakake kasusahane dhewe, dene wong liya ora bisa melu ngrasakake kabungahane.


Awit mangkene pangandikane Kang Mahaluhur lan Kang Mahamulya, kang lenggah ing dhampar ing salawase lan kang asma Kang Mahasuci: “Ingsun lenggah ing papan kang dhuwur lan suci nanging uga nunggil karo wong kang rempu lan andhap-asor, prelu nyantosakake atine para wong kang andhap-asor sarta nguripake atine para wong kang rempu.


Anadene Ingsun, iki prajanjianingSun marang wong-wong mau, pangandikane Sang Yehuwah: RohingSun kang dumunung ana ing sira lan pangandikaningSun kang Sunparingake ana ing cangkemira ora bakal sumingkir saka ing cangkemira saka ing cangkeme turunira sarta saka ing cangkeme turune turunira, wiwit ing samengko nganti ing salawas-lawase, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


RohingSun bakal Sunparingake supaya dumunung ana ing batinira sarta Ingsun bakal ndadekake sira padha urip manut sakehing katetepaningSun lan tansah nggondeli tuwin nindakake pranatan-pranataningSun.


Awit dudu kowe kang caturan, nanging Rohe Ramamu kang ngandika lumantar kowe.


Aku bakal nyuwun marang Sang Rama, nuli kowe bakal padha diparingi Sang Juru Panglipur liyane, supaya Panjenengane nunggala karo kowe,


Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Manawa ana wong kang tresna marang Aku, iku bakal netepi ing pituturKu sarta bakal dikasihi dening RamaKu lan Aku karo Sang Rama bakal padha ngrawuhi sarta makuwon ana ing wong iku.


Manawa Sang Juru Panglipur kang bakal Dakutus saka Sang Rama rawuh, iya iku Rohing kayekten kang miyos saka Sang Rama, iku bakal nekseni bab ing ngatase Aku.


Nanging yen Sang Juru Panglipur iku rawuh, iya iku Rohing Kayekten, iku bakal nuntun kowe marang kayekten sasampurnane. Awit mungguh pamangsite iku ora bakal saka karsane piyambak, nanging sapamirenge iku kang bakal diwangsitake sarta kowe bakal diwartani bab-bab kang bakal kalakon.


Sabab karsane RamaKu iku, yaiku supaya saben wong kang ndeleng lan pracaya marang Sang Putra, iku nduwenana urip langgeng, sarta supaya Aku nangekna besuk ing wekasaning jaman.”


Kang iku apa kang kudu daktindakake? Aku arep ndedonga nganggo rohku, nanging aku uga ndedonga nganggo akal-budiku; aku arep ngidung lan memuji nganggo rohku, nanging ngidung lan memuji nganggo akal-budiku uga.


Nanging manungsa kadagingan ora nampani apa kang asale saka Rohe Gusti Allah, awit bab iku tumraping wong mau sawijining kabodhoan; sarta wong iku ora bisa mangreti, awit bab mau mung bisa kawawas cara kasukman.


Apa kowe padha ora sumurup, yen kowe iku padha dadi padalemaning Allah, kang sarta Rohe Gusti Allah iya dedalem ana ing kowe?


Apa kowe padha ora sumurup, yen badanmu iku dadi padalemane Sang Roh Suci kang ana ing kowe, Sang Roh Suci kang kaparingake marang kowe dening Gusti Allah, sarta yen awakmu iku dudu awakmu dhewe?


Dadaren awakmu dhewe, apa kowe padha lestari dumunung ing pracaya. Titinen awakmu! Apa kowe ora yakin tumraping awakmu, manawa Sang Kristus Yesus dumunung ana ing kowe? Awit yen ora mangkono, kowe dadi tampikan.


Apa gegayutane padalemane Gusti Allah karo brahala? Awit kita iki padha dadi padalemane Gusti Allah kang gesang kayadene kang dipangandikakake dening Gusti Allah mangkene: “Ingsun bakal dedalem bebarengan karo wong-wong mau, lan gesang ana ing tengah-tengahe, lan Ingsun bakal dadi Allahe, lan dheweke bakal padha dadi umat ingSun.


Lan sarehne kowe iku padha dadi putra, mulane Gusti Allah wus ngutus Rohe Kang Putra marang ing sajroning ati kita, kang nguwuh: “Abba, Rama!”


Ana ing Padaleman iku kowe uga padha melu kabangun dadi padalemane Gusti Allah, ana ing sajrone Roh.


temahan marga saka pracayamu, Sang Kristus dedalem ana ing atimu sarta kowe padha ngoyoda lan atetalesa ana ing katresnan.


Iku padha diparingi sumurup sapira kaluwihaning kamulyane wewadi mau ana ing antarane para bangsa liya, yaiku: Gusti Kristus ana ing tengahmu, iya ana ing Sang Kristus iku dununge pangarep-arep marang kamulyan.


Rajabrana kang endah, kang wus dipitayakake dening Panjenengane marang kita iku reksanen kalawan Roh Suci, kang dedalem ana ing kita.


Sabab jebadan kang wus padha koktampani saka Panjenengane iku tetep ana ing kowe. Marga saka iku kowe ora prelu diwulang dening wong liya. Nanging kayadene bab anggone njebadi iku mulang marang kowe bab samubarang – lan piwulange iku nyata, ora goroh – lan kayadene anggone Panjenengane biyen wus mulang marang kowe, mangkono uga kowe padha tetepa ana ing Panjenengane.


Dene sapa kang netepi sakehing pepakone, iku dumunung ana ing Allah, lan Gusti Allah ana ing wong iku. Lan iya mangkono iku anggon kita padha sumurup, yen Gusti Allah dumunung ana ing kita, iya iku Roh kang wus diparingake marang kita.


He, anak-anakku, kowe iku padha saka ing Allah lan wus padha ngalahake para wong kang padha mindha-mindha nabi iku mau, amarga Roh kang dumunung ing kowe iku ngungkuli roh kang dumunung ana ing jagad.


Aku iki padha saka ing Allah; wong kang wanuh marang Gusti Allah, iku ngrungokake marang aku. Wong kang asale ora saka ing Gusti Allah iku ora ngrungokake marang aku. Iya mangkono iku titikane Roh kayekten karo roh panasaran.


Awit ana telu kang padha jumeneng dadi seksi (ana ing swarga: Sang Rama, Sang Sabda lan Roh Suci. Sarta katelune iku dadi siji.


Sapa kang duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan: Sing sapa unggul, bakal Sunparingi mangan mana kang piningit, sarta Sunganjar watu putih, kang ing dhuwure katulisan jeneng anyar, kang ora kawruhan ing wong, kajaba kang nampani.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan