Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 14:12 - Kitab Sutji

12 Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa pracaya marang Aku, iku bakal nindakake uga panggawe-panggawe kang Daklakoni, malah panggawe-panggawe kang luwih wigati katimbang karo iku. Awit Aku lunga menyang ing ngarsane RamaKu;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 14:12
28 Iomraidhean Croise  

Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe, manawa kowe pracaya ora nganggo mangu-mangu, kowe mesthi ora mung bisa nindakake apa kang Daktindakake tumrap marang wit anjir iki bae, nanging sanadyan gunung iki kokcalathoni: Mumbula lan ambyura ing sagara, mesthi iya bakal kalakon.


Bareng mirsa ing kadohan ana wit anjir kang wis ana godhonge, tumuli dipurugi, bokmanawa bisa manggih apa-apa. Nanging sarawuhe ing kono, ora manggih apa-apa kajaba mung godhong, amarga pancen durung mangsa woh anjir.


Wong kang pracaya iku bakal padha kinanthenan pratandha mangkene: Marga saka sawabe AsmaKu baka padha bisa nundhungi dhemit, bakal padha calathu nganggo basa-basa anyar.


Kowe wus padha krungu, yen Aku wus kandha marang kowe: Aku lunga, nanging bakal nekani kowe maneh. Manawa kowe tresna marang Aku, kowe mesthi padha bungah dene Aku lunga menyang ngarsane Sang Rama, sabab Sang Rama iku ngluwihi Aku.


Nanging kang Dakpituturake marang kowe iki bener: Luwih maedahi marang kowe, manawa Aku lunga. Jalaran manawa Aku ora lunga, Sang Juru Panglipur iku ora bakal ngrawuhi kowe, nanging manawa Aku lunga, Sang Juru Panglipur Dakutus marang kowe.


Awit tumrap iki bener bebasan kang muni mangkene: Kang siji nyebar, sijine kang ngeneni.


Sabab Sang Rama ngasihi Sang Putra sarta Panjenengane nedahake sabarang kang ditindakake piyambak marang Sang Putra iku. Malah Panjenengane iya bakal nedahake marang Kang Putra pandamel kang luwih agung maneh katimbang karo iku, supaya kowe padha gumuna.


Gusti Yesus banjur ngandika: “Mung kari sawatara mangsa anggonKu ana ing antaramu, nuli Aku bakal sowan marang kang ngutus Aku.


Pangandikane mangkono iku mau kang dikarsakake yaiku Roh, kang bakal ditampa dening wong-wong kang padha pracaya marang Panjenengane. Dene nalika samana Roh Suci durung rawuh, amarga Gusti Yesus durung kamulyakake.


amarga padha krungu anggone wong-wong mau banjur padha calathu nganggo basa warna-warna lan ngluhurake Gusti Allah. Rasul Petrus banjur ngandika:


Kang mangkono iku ditindakake nganti pirang-pirang dina. Ananging bareng Rasul Paulus wis ora tahan maneh marang anane rubeda iku, nuli minger sarta dhawuh marang roh iku: “Atas asmane Gusti Yesus Kristus, dhawuhku marang kowe: Metua saka ing wong wadon iki.” Sanalika iku uga roh mau iya banjur metu.


malah nganti kacu utawa lawon kang tau diagem dening Rasul Paulus ditumpangake ing wong lara, temahan mari larane sarta dhemite padha metu.


Punapadene sareng Panjenenganipun sampun jinunjung dening astanipun tengen Gusti Allah tuwin tampi Roh Suci ingkang kaprasetyakaken punika, Panjenenganipun lajeng ngesokaken punapa ingkang sampun panjenengan uningani saha panjenengan pireng wonten ing ngriki.


Wong-wong kang nampani pangandikane, padha kabaptis. Ing dina iku cacahe siswa wuwuh watara telung ewu.


pangandikane: “Tiyang punika kedah kita punapakaken? Awit sampun nyata, tumrap sadaya tiyang ingkang manggen ing kitha Yerusalem, bilih kekalihipun sami ngawontenaken satunggaling mukjijat ingkang nyolok, ingkang boten saged kita selaki.


Sabanjure para rasul anggone nekseni bab wungune Gusti Yesus kalawan panguwasa kang gedhe sarta kabeh padha kaluberan ing sih-rahmat.


Nanging wong kang padha ngrungokake piwulange mau akeh kang manjing pracaya, temahan cacahe wong lanang kira-kira dadi limang ewu.


malah padha nggawa wong-wong kang lara menyang ing dalan gedhe, kaselehake ing amben utawa kasur, supaya manawa Rasul Petrus langkung, saora-orane katiban wayangane.


Pangandikaning Allah saya sumebar, sarta cacahe siswa ing Yerusalem saya mundhak akeh. Dalah para imam akeh kang padha manut lan manjing pracaya.


Amarga wong akeh kang padha kapanjingan dhemit, dhemite padha metu kalawan nguwuh-uwuh sora, lan uga akeh wong lumpuh sarta wong pincang kang padha diwarasake,


Iku dipangandikani dening Rasul Petrus: “Eneas, Gusti Yesus nyarasake kowe; tangia lan paturonmu tatanen!” Sanalika iku uga wong mau banjur tangi.


Nanging kabeh nuli didhawuhi metu dening Rasul Petrus. Panjenengane banjur jengkeng lan ndedonga. Sawise mangkono nuli minger ngadhepake layon mau sarta ngandika: “Tabita, tangia!” Tabita nuli melek lan bareng ndeleng Rasul Petrus, banjur njenggelek linggih.


marga saka dayaning tandha-tandha lan mukjijat-mukjijat sarta marga dening panguwaosing Sang Roh Suci. Iya mangkono iku, sajroning mider-mider wiwit saka kutha Yerusalem nganti tumeka ing tanah Ilirikum, aku wus ngabarake Injile Sang Kristus sakatoge.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan