Heh nyawaku, yagene kowe kok tumungkul? Yagene kok ngolang-ngaling ana ing jeroku? Ngarep-arepa marang Gusti Allah, awit Panjenengane dakpuji maneh, Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku!
Bareng Gusti Yesus pirsa Maryam nangis, mangkono uga wong Yahudi kang padha ngetutake, temah rengu ing panggalih. Panjenengane trenyuh banget lan tumuli ngandika:
Saiki nyawaKu trenyuh. Lan Aku bakal matur apa? Dhuh, Rama, Paduka mugi ngluwari Kawula saking wekdal punika? Ora, awit iya iku prelune anggonKu teka ing wektu iki.
Nanging Gusti Yesus banjur nguwuh pangandikane: “Sing sapa pracaya marang Aku, iku ora pracaya marang Aku, nanging pracaya marang Panjenengane kang ngutus Aku.
supaya kabeh wong padha ngurmatana marang Sang Putra kayadene anggone ngurmati marang Sang Rama. Sing sapa ora ngurmati marang Sang Putra, iku uga ora ngurmati marang Sang Rama kang ngutus Panjenengane.
Sabab karsane RamaKu iku, yaiku supaya saben wong kang ndeleng lan pracaya marang Sang Putra, iku nduwenana urip langgeng, sarta supaya Aku nangekna besuk ing wekasaning jaman.”
supaya kowe aja padha enggal-enggal bingung lan kuwatir, marga saka wangsiting roh utawa marga saka pakabaran lan apa marga saka layang kang diakokake saka aku kabeh, kaya-kaya wus tumeka ing dinane Gusti.
Marga saka Panjenengane, kowe padha pracaya marang Gusti Allah, yaiku kang wis mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati sarta kang wis maringi kaluhuran marang Panjenengane, temahan pracayamu lan pangarep-arepmu tumuju marang Gusti Allah.