Bareng Sang Pilatus uninga, yen sakabehing pambudidaya bakal tanpa guna, malah wis wiwit kisruh kaanane, panjenengane banjur wijik asta ana ing sangareping wong akeh mau lan ngandika: “Aku ora kaluputan tumrap getihe wong iki; iku prakaramu dhewe!”
Pangandikane Gusti Yesus: “Wong kang wus adus, ora susah adus maneh, cukup mung wisuh sikil bae, awit badane sakojur wus resik. Mangkono uga kowe iku wus resik, mung bae ora kabeh.”
Unjuke Petrus: “Paduka sampun ngantos ngwijiki suku kawula ing salami-laminipun.” Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Manawa Aku ora ngwisuhi kowe, kowe ora nduweni panduman ana ing Aku.”
Mulane payo padha sowan ing ngarsane Gusti Allah kanthi ati kang temen lan eklas sarta kalawan kayakinan ing pracaya kang kukuh, amarga ati kita wus karesikan saka rumasaning ati kang ala lan badan kita wus kaedusan kanthi banyu kang resik.
Samono uga kowe saiki iya padha kapitulungan kalawan ibarating lelakon mau, yaiku baptis, kang ora ateges ngresiki reregeding badan, nanging minangka panyuwun marang Gusti Allah supaya kaparingana rumangsaning ati kang becik, marga saka wungune Gusti Yesus Kristus,