Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 13:8 - Kitab Sutji

8 Unjuke Petrus: “Paduka sampun ngantos ngwijiki suku kawula ing salami-laminipun.” Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Manawa Aku ora ngwisuhi kowe, kowe ora nduweni panduman ana ing Aku.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 13:8
28 Iomraidhean Croise  

Ewadene wangsulane Rama Yakub: “Anakku mesthi ora bakal melu kowe mrana, awitdene kakangne wus mati, adhine kari ijen, dadi kowe kang padha njalari aku, kang wus uwanen iki mudhun menyang ing teleng palimengan marga saka susah.”


Nalika semana ing kono pinuju ana wong dursila, jenenge Seba bin Bikri, wong Benyamin, iku ngunekake kalasangka sarta ngucap: “Kita ora duwe panduman saka Dawud. Kita ora duwe warisan tumrap anake Isai. He wong Israel, payo padha mulih menyang kemah kita dhewe-dhewe!”


Bareng wong Israel kabeh sumurup, manawa Sang Prabu ora karsa njurungi panyuwune, rakyat banjur padha ngaturi wangsulan marang Sang Prabu mangkene: “Kita sami tampi panduman punapa saking Sang Prabu Dawud? Kita boten angsal warisan saking putranipun Sang Isai punika! Padha balia menyang ing tarubmu, he wong Israel! Sumangga, Sang Prabu Dawud, sapunika kawula aturi ngurus dalem paduka piyambak!” Wong Israel banjur padha mulih menyang ing tarube,


nalika Nabi Natan sowan, sawuse panjenengane sapasarean karo Batsyeba.


Pancen saestu, anggen kawula kalairaken punika nandhang duraka, sarta biyung kawula ngandhut kawula ing salebeting dosa.


samangsa Pangeran wus ngresiki reregede putri Sion lan ngicali blentong-blentonge Yerusalem saka ing satengeha kalawan roh kang ngadili lan kang ngobong.


Sira bakal padha Sunesoki banyu bening, kang bakal ngresikake sira; Ingsun bakal ngresiki sakabehing kanajisanira lan sakehing brahalanira.


“Ing wektu iku bakal ana sumber kang kaparingake marang turune Sang Prabu Dawud lan para wong isine Yerusalem kanggo ngumbah dosa lan kanajisan.


Nanging Petrus banjur nggered Panjenengane kalawan munjuk: “Gusti, mugi Gusti Allah nebihaken bab punika! Sampun pisan-pisan Paduka ngantos kataman ingkang makaten punika.”


Anake mangsuli: Inggih, pak. Nanging ora mangkat.


Petrus mangsuli, ature: “Sanadyan sadaya sami kecuwan margi saking Paduka, kawula babar pisan boten.”


Atur wangsulane Petrus: “Sanadyan kawula ngantos pejah sesarengan kaliyan Paduka, kawula boten badhe nyelaki Paduka.” Para sakabat liyane iya padha munjuk mangkono.


Sarawuhe ing panggonane Simon Petrus, Petrus tumuli munjuk: “Gusti, Paduka badhe ngwijiki suku kawula?”


Unjuke Simon Petrus: “Gusti, sampun ngamungaken suku kawula kemawon, nanging dalah tangan saha sirah pisan.”


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake saka banyu lan Roh, mesthi ora bisa lumebu marang Kratoning Allah.


Lan saiki kapriye, dene kowe isih mangu-mangu? Ngadega, lan kabaptisa sarta dosamu karesikana kalawan nyebut asmane Gusti!


Lan sawenehing panunggalanmu biyen iya kaya mangkono iku, nanging kowe wus padha masrahake awakmu supaya diresiki, kowe wus padha kasucekake, wus padha kabenerake marga saka Asmane Gusti Yesus Kristus lan marga dening Rohe Allah kita.


supaya dadia suci, sarana diresiki nganggo padusan banyu kang kinanthenan pangandika


Kowe nuli padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe dhewe, iya anak-anakmu lanang lan wadon, batur-baturmu lanang lan wadon, dalah wong Lewi kang dedunung ana ing panggonanmu, marga iku ora melu nduweni tanah pusaka ing tengahmu.


Aja nganti kaunggulanmu iku diwurungake dening wong kang rewa-rewa andhap-asor lan memuja marang malaekat, lan maneh ngaku-aku ndeleng marang kaanan kang ora katon, apadene tanpa waton anggone gumunggung dening pamikire kang cara kadonyan,


Pranatan-pranatan mau sanadyan ing semu kebak isi kawicaksanan, nganggo pangibadah rerekane dhewe, kayata: andhap-asor, nyiksa awak, iku ora ana paedahe kajaba mung kanggo pamareming urip kadonyan.


ing nalika iku Panjenengane nylametake marang kita, ora marga saka panggawe becik kang wis kita lakoni, nanging marga saka sih-rahmate sarana padusan kalairan kapindho lan marga saka kaanyarake dening Sang Roh Suci,


Mulane payo padha sowan ing ngarsane Gusti Allah kanthi ati kang temen lan eklas sarta kalawan kayakinan ing pracaya kang kukuh, amarga ati kita wus karesikan saka rumasaning ati kang ala lan badan kita wus kaedusan kanthi banyu kang resik.


sarta maneh saka Gusti Yesus Kristus, Seksi kang setya, kang dhisik dhewe wungu saka ing antarane wong mati lan kang nguwaosi sakehing ratu ing bumi iki. Panjenengane, kang ngasihi kita lan kang wus mbirat dosa kita kalawan rahe, –


Atur wangsulanku: “Bapak, punika panjenengan ingkang uninga.” Pinituwa mau banjur ngandika marang aku: “Iku para kang luwar saka ing sangsara gedhe sarta wus padha ngumbah jubahe nganti putih ing rahe Sang Cempe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan