Wong bakal tuku palemahan maneh ana ing nagara kene, kang kokarani: Iku papan cengkar kang ora didunungi manungsa lan kewan, iku wus diulungake marang ing tangane wong Kasdim!
Para sakabate Gusti Yesus ing wiwitan ora nyandhak marang prakara iku, nanging sawise Gusti Yesus kaluhurake, lagi padha kelingan, yen nas iku kagem Panjenengane lan manawa bab iku wus katindakake uga kagem Panjenengane.
Simon Petrus tumuli munjuk: “Gusti, Paduka tindak dhateng pundi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Menyang ngendi paranKu kowe ora bisa melu Aku saiki, nanging besuk kowe bakal padha nusul Aku.”
nanging Sang Juru Panglipur, iya iku Sang Roh Suci, kang bakal diutus dening Sang Rama atas saka jenengKu, iku kang bakal mulangake samubarang kabeh marang kowe sarta bakal ngelingake kowe sabarang kang wus Dakwulangake marang kowe.