Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 13:4 - Kitab Sutji

4 Gusti Yesus banjur jumeneng sarta lukar pangageman lan mundhut lawon banjur diubetake ing sarirane,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 13:4
9 Iomraidhean Croise  

Nanging Sang Prabu Yosafat tumuli ndangu: “Punapa ing ngriki boten wonten nabining Pangeran Yehuwah, ingkang saged dados lantaran anggen kita nyuwun pitedah dhateng Pangeran Yehuwah?” Banjur ana sawijining punggawaning ratu ing Israel kang munjuk: “Ing ngriki wonten Nabi Elisa bin Safat, ingkang kala rumiyin ngladosi Nabi Elia.”


Begja para abdi kang sarawuhe bendarane ketemu melek. Aku pitutur ing kowe: Satemene bendara mau bakal sabukan, abdine padha didhawuhi mangan bebarengan, bendarane bakal nyedhaki ngladeni.


“Sapa panunggalanmu kang duwe batur, kang mluku utawa angon raja-kayane, saulihe saka ing pategalan apa banjur dicalathoni: Ayo, endang mangan!


Apa ora malah kosokbaline, dicalathoni mangkene: Aku cawisana mangan, kowe banjur sabukana lan ngladenana nganti sarampunge anggonku mangan lan ngombe. Lan sawise iku kowe kena mangan lan ngombe.


Amarga sapa ta kang luwih dhuwur: kang linggih mangan, apa kang ngladeni? Rak kang linggih mangan? Ananging Aku iki ana ing tengah-tengahmu kayadene kang ngladeni.


Sawuse Gusti Yesus ngwijiki sikile para sakabat mau, banjur ngrasuk pangagemane maneh lan wangsul lenggah sarta ngandika: “Apa kowe padha ngreti tegese panggaweKu marang kowe iku mau?


Marga kowe wus padha sumurup marang sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, yaiku manawa Panjenengane, kang amarga saka kowe dadi mlarat, sanadyan Panjenengane iku sugih, supaya kowe dadia sugih marga kamlaratane.


Sabab iya iki pawarta kang wus padha kokrungu wiwitan mula, iya iku supaya kita padha tresna-tinresnanana.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan