Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 13:37 - Kitab Sutji

37 Unjuke Petrus: “Gusti, punapaa kawula boten saged ndherek Paduka samangke? Kawula badhe ngetohaken nyawa kawula kagem Paduka.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 13:37
7 Iomraidhean Croise  

Atur wangsulane: “Inggih saged.” Pangandikane Gusti Yesus: “Pancen, kowe bakal padha ngombe ing tuwung, kang bakal Dakunjuk, lan bakal dibaptis kalawan baptis kang bakal Daktampani.


Sawuse padha sarapan, Gusti Yesus ngandika marang Simon Petrus: “Simon anake Yokanan, apa kowe tresna marang Aku ngluwihi wong-wong iki?” Unjuke Petrus: “Inggih Gusti, Paduka mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen cempe-cempeKu!”


Ananging aku sathithik bae ora ngetung marang nyawaku, angger aku bisa nutugake lakuku lan ngrampungake bubuhan kang kaparingake marang aku dening Gusti Yesus, iya iku nekseni bab Injile sih-rahmating Allah.


Nanging Rasul Paulus maringi wangsulan mangkene: “Yagene kowe padha nangis lan gawe trenyuhing atiku? Amarga aku wis cumandhang, ora ngemungake dibanda bae, malah sanadyan nganti dipateni pisan ana ing Yerusalem marga saka asmane Gusti Yesus.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan