27 Lan sawuse nampani roti iku, Yudas tumuli kapanjingan Iblis. Gusti Yesus tumuli ngandika marang dheweke: “Apa kang dadi sedyamu iku enggal tindakna!”
Bareng wayah tengange Nabi Elia wiwit moyoki wong-wong iku, pangandikane: “Anggonmu nyebut sing seru, iku rak allah ta? Bokmanawa lagi ngalamun, bokmanawa lagi ana urusan seje, bokmanawa lagi lelungan; ayake lagi turu, durung tangi.”
Yaiku kang kebangeten tumrap samubarang kabeh kang kelakon ana ing sangisoring langit; kabeh wong nasibe padha. Atining para anaking manungsa iku iya kebak piala lan salawase urip atine kadunungan kaanan gemblung sarta wekasane padha marani panggonane wong mati.
ature marang Sang Ariokh, panggedhe abdine Sang Prabu mangkene: “Punapa sababipun, dene Sang Prabu ngundhangaken dhawuh ingkang samanten awratipun punika?” Sang Ariokh banjur nerangake bab iku marang Dhaniel.
Dhemit mau banjur lunga ngajak dhemit pepitu liyane kang luwih ala katimbang dheweke, tumuli padha lumebu sarta manggon ana ing kono. Wekasan wong mau alane ngluwihi sing uwis. Mangkono uga bakal kadadeane jinis kang ala iki.”
Ing kono Gusti Yesus banjur ngandika marang Iblis: “Wis, lungaa, setan! Sabab ana tulisan mangkene: Pangeran Allahira kang kudu sira sembah lan Panjenengane Piyambak kang kudu sira abekteni.”
Putri mau banjur enggal-enggal bali marek ing ngarsane Sang Prabu lan munjuk: “Kawula nyuwun, supados kaparingana sirahipun Yokanan Pambaptis kawadhahan ing talam!”
Nalika Gusti Yesus karo para sakabate padha bujana, Iblis wus ngosikake pangrantam ana ing sajroning atine Yudas Iskariot, anake Simon, arep mitenah Gusti Yesus.
Ananging ora ana wong siji-sijia ing antarane para sakabat kang padha kembulan iku kang mangreti, apa karsane Gusti Yesus ngandika mangkono marang Yudas iku.
Nanging Rasul Petrus ngandika: “Ananias, yagene atimu kaejegan dening Iblis, kongsi kowe nggorohi Sang Roh Suci sarta ngunthet saperangane pepayoning palemahan iku?