Bareng metu, ora bisa ngucap marang wong akeh iku, banjur padha mangreti, yen Zakharia mentas tampa wahyu ana ing Padaleman Suci. Wasana mung aweh sasmita bae jalaran tetep bisu.
Nanging Rasul Petrus tumuli paring sasmita, supaya padha meneng, banjur padha dicaritani, kapriye anggone Gusti nuntun medal saka ing pakunjaran. Pangandikane: “Yakobus lan para sadulur kita padha wenehana sumurup bab iki.” Banjur miyos lan tindak menyang ing panggonan liya.
Rasul Paulus banjur jumeneng sarta sawise paring sasmita kalawan astane, nuli ngandika: “Para sadherek Israel saha para ingkang sami ngabekti ing Allah, kula aturi sami midhangetaken.
Bareng Rasul Paulus wis dililani dening panggedhening prajurit mau, banjur jumeneng ing undhak-undhakan, tumuli kumlawe astane murih sirepe wong akeh mau. Bareng wis padha sirep, panjenengane banjur ngandika ing basa Ibrani mangkene: