Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 13:22 - Kitab Sutji

22 Para sakabat tumuli padha pandeng-pandengan, kanthi melang-melang, sapa kang dipangandikakake iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 13:22
9 Iomraidhean Croise  

Bareng Rama Yakub midhanget kabar yen ing tanah Mesir ana gandum, banjur ngandika marang para putrane: “Yagene kowe kok padha pandeng-pandengan bae?”


Sajrone padha mangan, Gusti Yesus ngandika: “Satemene pituturKu marang kowe: Ana siji ing antaramu kang bakal ngulungake Aku.”


Para sakabat padha sedhih banget sarta padha munjuk genti-genti: “Rak sanes kawula, ta, Gusti?”


nalika padha linggih mangan, Gusti Yesus ngandika: “Aku pitutur ing kowe: satemene ana panunggalanmu siji kang bakal ngulungake Aku, yaiku kang ndherek dhahar Aku.”


Kabeh banjur padha sedhih atine, lan padha matur genti-genti: “Rak sanes kawula ta, Gusti?”


Nanging, lah tangane wong kang ngulungake Aku, nunggal karo Aku ana ing meja kene.


Banjur padha wiwit takon-tinakon, panunggalane iku sapa baya kang bakal tumindak mangkono.


PituturKu iki ora tumrap kowe kabeh; Aku weruh, sapa kang wus Dakpiji. Nanging kudu kayektenan tulisan kang mangkene surasane: Tiyang ingkang tumut nedha roti Kawula, punika sampun ngagagaken sukunipun dhateng Kawula.


Sawuse Gusti Yesus ngandika mangkono, Panjenengane banget trenyuh ing galih, sarta banjur paring paseksen mangkene: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Wong siji panunggalanmu bakal ngulungake Aku.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan