Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 13:20 - Kitab Sutji

20 Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa nampani wong kang Dakutus, iku nampani Aku, lan sapa kang nampani Aku, iku nampani Panjenengane kang ngutus Aku.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 13:20
9 Iomraidhean Croise  

Sang Nata bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira: Samubarang kabeh kang sira tindakake kanggo salah sawijining saduluringSun kang asor dhewe iki, iku iya sira tindakake kagem Ingsun.


“Sing sapa nampani bocah pepadhane iki atas jenengKu, iku ateges Aku kang ditampani. Lan sing sapa nampani Aku, iku dudu Aku kang ditampani, nanging kang ngutus Aku.”


Sing sapa ngrungokake kowe, iku ngrungokake Aku lan sing sapa nampik marang kowe, iku nampik marang Aku. Mangka kang nampik marang Aku, iku nampik marang Panjenengane kang ngutus Aku.”


sarta ngandika marang para sakabate: “Sing sapa nampani bocah iki atas saka jenengKu, dadi Aku kang ditampani; lan sing sapa nampani Aku, iku dadi nampani kang ngutus Aku. Awit kang cilik dhewe ing antaramu kabeh, iku kang gedhe dhewe.”


Sanadyan kaya mangkono kaanane awakku, kang dadi pacoban kanggo kowe kabeh, ewadene ora kokanggep kaya barang kang ina lan kang njijiki, nanging kowe wus padha nampani aku padha kaya nampani malaekate Gusti Allah, malah padha kaya nampani Sang Kristus Yesus piyambak.


Kowe wus padha nampani Gusti Kristus Yesus, Gusti kita, mulane uripmu tetepa ana ing Panjenengane,


Mulane sing sapa nampik bab iki, iku ora nampik manungsa, nanging nampik marang Gusti Allah kang uga wus maringake Rohe kang suci marang kowe kabeh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan