Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 13:2 - Kitab Sutji

2 Nalika Gusti Yesus karo para sakabate padha bujana, Iblis wus ngosikake pangrantam ana ing sajroning atine Yudas Iskariot, anake Simon, arep mitenah Gusti Yesus.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 13:2
14 Iomraidhean Croise  

Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhur kita, kang kanthi mangkono wus karsa ngebahake panggalihe Sang Prabu, satemah panjenengane banjur damel edi endahe padalemane Sang Yehuwah kang ana ing Yerusalem,


ing wayah bengi aku tangi karo wong sawatara kang melu aku. Ora ana kang dakkandhani, apa kang diosikake ana ing atiku dening Gusti Allahku tumrap kang bakal daktindakake ana ing Yerusalem, sanadyan kewan iya ora ana kang melu aku kejaba mung kewan kang daktunggangi bae.


Simon wong Zelot lan Yudas Iskariot, kang ngulungake Gusti Yesus.


Yudas, kang peparab Iskariot, panunggalane sakabat rolas tumuli kasurupan dening iblis,


“Simon, Simon, lah Iblis banget anggone nginteri kowe kabeh, kaya gandum,


Awit Gusti Yesus mirsa sapa kang bakal ngulungake sarirane. Marga saka iku Panjenengane ngandika: “Kowe iku ora kabeh resik.”


Gusti Yesus banjur jumeneng sarta lukar pangageman lan mundhut lawon banjur diubetake ing sarirane,


Nanging Rasul Petrus ngandika: “Ananias, yagene atimu kaejegan dening Iblis, kongsi kowe nggorohi Sang Roh Suci sarta ngunthet saperangane pepayoning palemahan iku?


Nanging puji sokur konjuk marang Gusti Allah, kang maringi katemenan kang kaya mangkono uga ana ing atine Titus ing bab anggone mbiyantu kowe,


Satemene biyen aku kabeh uga padha kaetung klebu ing antarane wong-wong iku, nalika urip ana ing sajroning hawa-nepsuning daging lan nuruti pakaremane daging lan pangangen-angenku kang ala. Pancena aku kudu padha kaparingan bebendu, kayadene wong-wong liyane.


Amarga atine wus diwangsit dening Gusti Allah supaya nglakoni kang dadi karsane kanthi tunggal sedya, apadene supaya masrahake paprentahane marang si kewan, nganti tumeka pangandikane Gusti Allah wus padha katetepan kabeh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan