YOKANAN 13:19 - Kitab Sutji19 Samengko kowe padha Daktuturi sadurunge bab iku kalakon, supaya manawa bab iku kalakon, kowe padha pracayaa, yen iya Aku iki Panjenengane. Faic an caibideil |
“Sira iki padha dadi seksiningSun,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, “tuwin abdiningSun kang wus Sunpilih, supaya sira padha sumurup lan kumandel marang Ingsun lan mangreti, manawa Ingsun iki tetep Panjenengane. Sadurunge Ingsun ora ana Allah kang jumeneng, sarta sawuse Ingsun bakal ora ana liyane maneh.