YOKANAN 13:18 - Kitab Sutji18 PituturKu iki ora tumrap kowe kabeh; Aku weruh, sapa kang wus Dakpiji. Nanging kudu kayektenan tulisan kang mangkene surasane: Tiyang ingkang tumut nedha roti Kawula, punika sampun ngagagaken sukunipun dhateng Kawula. Faic an caibideil |
Salaminipun Kawula nunggil kaliyan tiyang-tiyang punika, Kawula ingkang ngreksa wonten ing asma Paduka, inggih punika asma ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula; Kawula sampun rumeksa dhateng tiyang-tiyang wau ngantos boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang ical kajawi namung tiyang satunggal ingkang sampun pinesthi kedah ical, supados kayektosana wiraosing Kitab Suci.
Kang iku prajurit mau padha rembugan: “Iku aja dibage-bage dadi suwekan, ayo padha digebug ing dhadhu kanggo nemtokake sapa kang bakal nduweni.” Iku supaya kayektenana kang katulisan ing Kitab Suci: Sandhangan Kawula sami dipun dumdum, saha jubah Kawula dipun gebag ing dhadhu.” Kang mangkono iku wus katindakake dening para prajurit iku.
Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus kang kaping telune: “Simon, anake Yokanan, apa kowe dhemen marang Aku?” Petrus dadi sedhih atine amarga Gusti Yesus ndangu kang kaping telune: “Apa kowe dhemen marang Aku?” Petrus banjur munjuk: “Dhuh, Gusti, Paduka mirsa samukawis, inggih mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen wedhus-wedhusKu!