Pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: “Undhangna sakehe pangandika iki ana ing kutha-kuthane Yehuda lan ing lurung-lurunge Yerusalem, mangkene: Rungokna surasane prasetyan iki sarta lakonana!
RohingSun bakal Sunparingake supaya dumunung ana ing batinira sarta Ingsun bakal ndadekake sira padha urip manut sakehing katetepaningSun lan tansah nggondeli tuwin nindakake pranatan-pranataningSun.
Sabab tumraping wong-wong kang ana ing Sang Kristus Yesus, bab tetak utawa ora tetak iku ora ana paedahe, ya mung pracaya kang tumindak ing gawe kalawan katresnan.
Nanging sing sapa nliti angger-angger kang sampurna, yaiku angger-angger kang mardikakake manungsa, sarta nganggo diantepi, dadi ora mung ngrungokake banjur lali, nanging nglakoni temenan, iku bakal rahayu marga saka panggawene dhewe mau.
Rahayu wong kang padha ngumbah sandhangane. Iku kang bakal padha duwe wewenang tumrap wit-wit panguripan, lan lumebu ing kutha, liwat ing gapura-gapurane.