PasanganKu padha tampanana ing pundhakmu lan padha nggegurua marang Aku, awit Aku iki alus lembah ing budi, temahan kowe bakal padha oleh ayeming nyawamu.
Muga-muga Gusti Allah kang dadi etuking sabar mantep sarta panglipur, karsaa maringi karukunan marang kowe, kaya kang dikarsakake dening Sang Kristus Yesus,
lan padha lumakua ing katresnan, kayadene Sang Kristus Yesus uga wus ngasihi kowe kabeh lan masrahake sarirane kanggo kita minangka pisungsung lan korban kang arum kagem Gusti Allah.
Jalaran iya tumrap kang mangkono iku anggonmu katimbalan, marga Gusti Yesus Kristus iya wis nandhang sangsara kanggo kowe sarta wis nilari tuladha marang kowe, supaya kowe uga tumindak kaya Panjenengane.