Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 13:10 - Kitab Sutji

10 Pangandikane Gusti Yesus: “Wong kang wus adus, ora susah adus maneh, cukup mung wisuh sikil bae, awit badane sakojur wus resik. Mangkono uga kowe iku wus resik, mung bae ora kabeh.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 13:10
23 Iomraidhean Croise  

Sanyatane ing bumi iki ora ana wong kang mursid: kang nglakoni panggawe becik lan ora tau nglakoni dosa.


Kowe iku sulistya banget, dhuh memanisku, awakmu ora kadunungan cacad.


Ing wektu lan ing mangsa iku wong bakal nggoleki kaluputane Israel, nanging ora bisa nemokake, lan uga dosane Yehuda nanging iya ora ketemu, amarga Ingsun bakal maringi pangapura marang kekarene kang Sunparengake lestari urip. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Anadene wong kang ngeculake wedhus kang kanggo Azazel iku, iya ngumbaha sandhangane lan adusa, sawuse mangkono lagi kena lumebu ing palereban.


Sapa kang ngobong iku kabeh, ngumbaha sandhangane, adusa, sawuse iku lagi kena lumebu ing palereban.


Saha Paduka mugi ngapunten kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih ngapunten ing tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula.


PituturKu iki ora tumrap kowe kabeh; Aku weruh, sapa kang wus Dakpiji. Nanging kudu kayektenan tulisan kang mangkene surasane: Tiyang ingkang tumut nedha roti Kawula, punika sampun ngagagaken sukunipun dhateng Kawula.


Unjuke Simon Petrus: “Gusti, sampun ngamungaken suku kawula kemawon, nanging dalah tangan saha sirah pisan.”


Kowe iku wus padha resik awit saka pitutur kang wus Dakwulangake marang kowe.


Dadi sapa kang ana ing Sang Kristus, iku dadi titah anyar: kang lawas wus sirna, lan kang anyar pranyata wus teka.


Panjenengane kang ora tepang karo dosa wus kadosakake marga saka kita, supaya ana ing Panjenengane kita kabenerake dening Gusti Allah.


Kang iku sarehne kita kaparingan prasetya-prasetya mau, para kekasih, mulane payo kita padha nucekake badan kita saka sarupaning jejembering daging lan ing roh, lan kalawan mangkono kita nyampurnakake kasucen kita ing sajrone wedi-asih marang Gusti Allah.


Muga Gusti Allah kang kagungan tentrem-rahayu iku nucekake kowe ing sasampurnane lan muga roh, jiwa lan badanmu rineksa becik kalawan tanpa cacad, besuk rawuhe Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.


marga kabeh kang wujud pangan lan omben-omben sarta pisungsung warna-warna iku mung tatanan tata lair bae, kang mung tumindak nganti tumekane jaman pambangunan.


Amarga kita kabeh padha kaluputan ing prakara akeh, sing sapa ora kaluputan ing tetembungane, iku wong sampurna, wis bisa ngereh marang saranduning badane kabeh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan