Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 13:1 - Kitab Sutji

1 Anadene sadurunge riyaya Paskah, Gusti Yesus wus mirsa, manawa wus tekan ing titi-mangsane anggone bakal tindak saka ing donya iki sowan marang ing ngarsane Sang Rama. Padha kayadene Panjenengane anggone tansah ngasihi marang para kagungane kang ana ing donya, mangkono uga saiki Panjenengane anggone ngasihi iku nganti tumeka ing wekasane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 13:1
44 Iomraidhean Croise  

Ingsun dolanan ana ing bumi kagungane, sarta para anaking manungsa padha dadi kalangenaningSun.


Sang Yehuwah ngatingali aku saka ing kadohan, pangandikane: Ingsun ngasihi sira klawan katresnan kang langgeng, mulane Ingsun nglestarekake sih-susetyaningSun marang sira.


Sawise mangkono banjur murugi para sakabate lan ngandika: “Padha terusna anggonmu turu saiki lan ngasoa. Lah wis tekan ing titi mangsane Putraning Manungsa kaulungake marang tanganing wong-wong dosa.


apadene padha wulangen bab apa kang wis Dakdhawuhake marang kowe kabeh. Lah, Aku tansah nunggal karo kowe, nganti tumeka ing wekasaning jaman.”


Mangka saben dina Aku ana ing tengahmu, ana ing Padaleman Suci, kowe ora padha nyekel Aku. Nanging iki wektumu, lan iya iki panguwasane pepeteng iku.”


Bareng wis cedhak wektune anggone bakal kasengkakake menyang ing swarga, Gusti Yesus banjur nggalih arep tindak menyang ing Yerusalem,


Nalika samana Paskahe wong Yahudi wus cedhak, lan wong-wong ing kutha kono akeh kang padha menyang ing Yerusalem, arep padha sesuci, sadurunge Paskah iku.


Ananging Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Wus tekan wektune Putrane Manungsa kaluhurake.


Sarehne Yudas kang nyekel kas, ana kang duwe pangira manawa Gusti Yesus ngutus Yudas tuku apa-apa kang prelu kanggo riyaya iku, utawa didhawuhi dedana marang wong miskin.


Gusti Yesus mirsa, yen Sang Rama wus masrahake samubarang kabeh marang Panjenengane sarta yen Panjenengane iku pinangkane saka ing Allah, lan wangsul marang Allah.


Kowe padha Dakwenehi pepakon anyar, iya iku supaya kowe padha tresna-tinresnanana: dikaya anggonKu wus tresna marang kowe, kowe iya padha tresna-tinresnanana uga.


Kowe wus padha krungu, yen Aku wus kandha marang kowe: Aku lunga, nanging bakal nekani kowe maneh. Manawa kowe tresna marang Aku, kowe mesthi padha bungah dene Aku lunga menyang ngarsane Sang Rama, sabab Sang Rama iku ngluwihi Aku.


Nanging supaya jagad sumurupa, yen Aku tresna marang Sang Rama sarta manawa Aku nglakoni samubarang kabeh kang didhawuhake Sang Rama marang Aku, mara ngadega, ayo padha lunga saka ing kene.”


Aku mijil saka Sang Rama, lan wus teka ing donya; Aku ninggal donya maneh sarta bali menyang ing ngarsane Sang Rama.”


Kaya mangkono mau pangandikane Gusti Yesus. Panjenengane banjur tumenga marang langit sarta matur: “Dhuh Rama, sampun dumugi ing wancinipun; mugi Putra Paduka kaluhurna, supados Putra Paduka ngluhuraken Paduka.


Pinangkanipun tiyang-tiyang punika boten saking jagad, kadosdene pinangka Kawula punika inggih boten saking jagad.


punapa dene Asma Paduka sampun Kawula sumerepaken dhateng tiyang-tiyang punika sarta inggih badhe Kawula sumerepaken, supados sih ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula punika wontena ing tiyang-tiyang punika, sarta Kawula inggih wontena ing tiyang-tiyang punika.”


Dene sapunika, dhuh Rama, Paduka mugi ngluhuraken Kawula wonten ing pangayunan Paduka piyambak kanthi kaluhuran ingkang dados gadhahan Kawula wonten ing ngarsa Paduka saderengipun jagad dumados.


Anadene Gusti Yesus wus mirsa apa sabarang kang bakal nempuh marang sarirane, banjur majeng sarta ngandika marang wong-wong mau: “Kowe padha nggoleki sapa?”


Sawuse mangkono, ing sarehne Gusti Yesus mirsa, yen samubarang kabeh wus rampung, banjur ngandika – supaya kayektenana kang katulisan ing Kitab Suci –: “Aku ngelak!”


Nalika ngarepake riyayane Paskah wong Yahudi, Gusti Yesus tindak menyang Yerusalem.


Nalika samana wus ngarepake Paskah, riyayane wong Yahudi.


Ing kono wong-wong mau padha ngarah nyekel Gusti Yesus, ewadene ora ana kang nganti nggepok sarirane, amarga durung tekan ing wektune.


Gusti Yesus tumuli ngandika marang sadhereke mau: “Durung tumeka ing wektuKu, nanging tumrape kowe kabeh tansah ana wektune.


Pangandika iku mau kadhawuhake dening Gusti Yesus nalika Panjenengane memulang ana ing Padaleman Suci, sacedhake pethi bet-amal, ewadene ora ana wong siji-sijia kang nyekel Panjenengane, amarga durung tumeka ing wektune.


Nanging mungguhing bab iku mau kabeh, kita padha ngungkuli wong kang padha menang, jalaran saka Panjenengane kang wus ngasihi kita.


Panjenengane iya bakal nyantosakake kowe nganti tumeka ing wekasan, temah kowe padha tanpa cacad besuk ing dinane Gusti kita Yesus Kristus.


Jalaran kita wus oleh panduman ana ing Sang Kristus, angger kia padha ngukuhi ing kayakinaning pracaya kita kang wiwitan, nganti tumeka ing wekasan.


ananging Gusti Kristus iku setya kayadene Putra kang mengku padalemane; sarta padalemane iya iku kita, angger kita padha kukuh ing pracaya sarta ing pangarep-arep kang kita agung-agungake nganti tumeka ing wekasan.


Nanging kang padha dakarep-arep sawiji-wijining panunggalanmu supaya nelakake kataberen kang kaya mangkono iku satemah pangarep-arepmu bisa kagayuh sakatoge, nganti tumeka ing wekasan,


Mulane cawisna akal-budimu sarta sing waspada, apadene sakehing pangarep-arepmu dhasarna ing sih-rahmat kang kaparingake marang kowe ing wektu kababare Gusti Yesus Kristus.


Anggon kita padha tresna iku, amarga Gusti Allah wus ngasihi marang kita luwih dhisik.


sarta maneh saka Gusti Yesus Kristus, Seksi kang setya, kang dhisik dhewe wungu saka ing antarane wong mati lan kang nguwaosi sakehing ratu ing bumi iki. Panjenengane, kang ngasihi kita lan kang wus mbirat dosa kita kalawan rahe, –


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan