Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 12:6 - Kitab Sutji

6 Ujare kang mangkono iku ora marga dheweke iku mikirake wong miskin, nanging awit ambeke culika, dheweke kerep nylingkuhake dhuwit kang dicekel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 12:6
19 Iomraidhean Croise  

Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud. Wong punggung mosik ing sajroning atine: “Ora ana Allah.” Apa kang dilakoni iku jember lan nistha, ora ana kang nglakoni kabecikan.


Wong bener nyumurupi wewenange wong sekeng, nanging wong duraka padha ora ngreti.


Wong-wong mau banjur padha marani sira kaya rakyat kang nglumpuk lan padha lungguh ana ing ngarepira, katon kaya umatingSun sarta padha krungu apa kang sira ucapake, nanging padha ora nglakoni mangkono; cangkeme kebak tetembungan kang isi katresnan, nanging atine mburu kauntungan kang nistha.


apamaneh wong-wong mau padha dipangandikani: “Ana tulisan mangkene: PadalemaningSun bakal kasebut dalem pamujan, nanging kokdadekake kedhung begal.”


Yohana, somahe Khuza, juru-gedhonge Sang Prabu Herodhes, Susana lan liyane maneh isih akeh. Wong-wong wadon iki padha ngladeni Gusti sapandhereke kalawan barang darbeke.


Anggone lumayu iku jalaran mung buruh, lan ora gumati marang wedhus-wedhuse iku.


“Yagene lenga jebad iku ora diedol telung atus dinar, banjur didanakake marang para wong miskin?”


Sarehne Yudas kang nyekel kas, ana kang duwe pangira manawa Gusti Yesus ngutus Yudas tuku apa-apa kang prelu kanggo riyaya iku, utawa didhawuhi dedana marang wong miskin.


kang nyenyolong, cethil, seneng mendem, tukang mitenah lan tukang ngapusi, iku ora bakal tampa panduman warisan Kratoning Allah.


mung aku kabeh kudu tansah eling marang wong-wong miskin lan pancen iya iku kang padha dakprelokake kalawan temen-temen.


Padha ngedohana sarupaning piala.


Jalaran saupama ana wong kang lumebu ing kumpulanmu nganggo ali-ali mas, manganggo sarwa mompyor sarta uga ana wong miskin kang lumebu manganggo sarwa ala,


Nanging kowe iku padha ngremehake marang wong miskin. Malah apa ora wong sugih kang padha nganiaya kowe sarta nyered kowe marang ngarsane pangadilan?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan