50 Lan Aku sumurup, yen dhawuhe iku urip kang langgeng. Dadine apa kang Dakkandhakake iku anggonKu nglairake kaya kang didhawuhake dening Sang Rama marang Aku.”
Wondene menggah gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sajati piyambak, sarta dhateng Yesus Kristus utusan Paduka.
nanging kabeh kang kamot ing kene, iku katulisan supaya kowe padha pracaya, yen Gusti Yesus iku Sang Kristus, Putrane Gusti Allah, sarta supaya srana pracayamu kowe padha nduwenana urip ana ing Asmane.
Ing kono Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temene pituturKu ing kowe: Sang Putra ora bisa nindakake apa-apa saka awake dhewe, manawa Panjenengane ora weruh kang katindakake dening Sang Rama. Sabab apa kang katindakake dening Sang Rama, iku uga katindakake dening Sang Putra.
Kang iku Gusti Yesus ngandika: “Besuk samasa kowe wus nyengkakake Putraning Manungsa, tumuli kowe lagi bakal padha sumurup yen Aku iki Panjenengane, sarta ora nglakoni apa-apa saka karepKu dhewe, nanging apa kang Dakwarahake iku miturut kaya anggonKu wus diwulang dening RamaKu.
Nabi kang saka ing antarane para kadange kaya sira iku bakal Sunangkat kanggo wong-wong iku, sarta pangandikaningSun bakal Sundekek ing lesane, sarta apa kang Sunprentahake iku bakal dilairake marang wong-wong mau.
Nanging malah iya marga saka iku aku banjur karentahan palimirma, supaya Gusti Yesus Kristus nelakna katoging kasabarane ana ing aku, kang gedhe dhewe dosaku, sarta dadia pangilon tumrap wong kang bakal padha pracaya marang Panjenengane, satemah oleh urip langgeng.
Nanging kita padha sumurup, yen Putraning Allah wus rawuh sarta wus maringi pangreten marang kita, supaya kita padha wanuh marang Kang Sajati. Lan kita dumunung ana ing Kang Sajati, ana ing patunggilane Kang Putra Gusti Yesus Kristus, Panjenengane iku Allah Sajati lan gesang kang langgeng.