Wondene sapunika sarehning kawula sampun sami gadhah sesambetan kaliyan Sang Prabu, sarta boten saged ningali, Sang Prabu angsal panacad, pramila kawula sami kengkenan ngaturi uninga dhumateng Sang Prabu,
Nanging setorane bata ajeg cacahe kaya wingi-wingine, ora kena disuda, marga wong-wong iku kesed. Mulane padha bengok-bengok: Kawula mugi kalilana kesah badhe saos kurban dhateng Allah kawula.
lan mikir: “Besuk apa enteke sasi anyar, supaya kita bisa adol gandum, sarta besuk apa rampunge dina Sabat, supaya kita bisa nawakake gandum kalawan nyuda takeran efa lan nggedhekake sekel, ngapusi kalawan timbangan palsu,
Nanging saundure abdi mau banjur kapethuk karo abdi liyane kang utang marang dheweke satus dinar, tumuli dicekel lan ditekak gulune, calathune: Sauren utangmu!
Barang darbekmu dolana kabeh, banjur dedanaa! Gawea kanthong-kanthong kang ora bisa lawas, nglumpukna rajabrana ing swarga, kang ora bakal entek, kang ora bakal katekanan maling sarta ora bakal karusak dening renget.
Mireng kang mangkono iku Gusti Yesus banjur ngandika: “Isih ana siji kang kudu koklakoni: kabeh barang darbekmu edolana lan edum-edumna marang wong-wong miskin, temah kowe bakal duwe bandha ana ing swarga, nuli mrenea, melua Aku.”
Sarehne Yudas kang nyekel kas, ana kang duwe pangira manawa Gusti Yesus ngutus Yudas tuku apa-apa kang prelu kanggo riyaya iku, utawa didhawuhi dedana marang wong miskin.