Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 12:46 - Kitab Sutji

46 Aku wus teka ing jagad dadi pepadhang, supaya sok wonga kang pracaya marang Aku, aja tetep ana ing pepeteng.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 12:46
19 Iomraidhean Croise  

Sami katuwukan ing gajih saking padaleman Paduka, sarta Paduka paringi ngombe saking lepening kasukan Paduka.


UmatingSun lipuren, iya lipuren, mangkono pangandikaning Allahira,


Ingsun bakal ndadosake gundhuling gunung-gunung lan tengger-tengger, sarta damel aluming sakehhe tetuwuhane; Ingsun bakal ndadosake kali-kali padha dadi lemah garing tuwin damel asat-nggerenging telaga-telaga.


supaya ngelekke mripat kang wuta, ngwetokake wong ukuman saka ing tahanan sarta para wong kang dumunung ing pepeteng saka ing pakunjaran.


Balik sira kang padha wedi marang asmaningSun, bakal padha kaplethekan padhanging srengenge kabeneran kang nggawa kawarasan ana ing swiwine. Sira bakal padha metu klawan lincak-lincak kaya pedhet kang metu saka ing kandhang.


bangsa kang manggon ing pepeteng, iku wus ndeleng Papadhang kang gedhe, sarta wong kang padha manggon ing tanah kang kalimputan ing wewayanganing pati, iku wus kaplethekan Pepadhang.”


inggih punika pepadhang ingkang minangka wedharan tumrap bangsa-bangsa sanes saha ingkang dados kamulyaning umat Paduka, Israel.”


Sang Padhang kang sajati kang madhangi saben wong, iku lagi ngrawuhi jagad.


Anadene mungguh paukuman mau mangkene: Sang Padhang iku wus rawuh ing jagad, nanging manungsa padha luwih rumaket marang pepeteng, tinimbang karo pepadhang, amarga panggawe-panggawene ala.


Gusti Yesus paring dhawuh maneh marang wong akeh: “Aku iki pepadhanging jagad; sing sapa ngetut-buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduweni padhanging urip.”


Pangandikane Gusti Yesus: “TekaKu ing jagad iki arep ngadili, supaya wong kang ora ndeleng padha bisa ndeleng, lan kang ndeleng padha dadia wuta.”


Sasuwene Aku ana ing donya, Aku dadi pepadhanging jagad.”


supaya ngelekake mripate, satemah banjur padha ninggal pepeteng, marani pepadhang sarta uwal saka ing panguwasaning Iblis lan ngungsi marang Gusti Allah, supaya padha oleh pangapuraning dosa marga saka pracaya marang Ingsun, apadene banjur tampa warisan ana ing satengahe para kang wus kasucekake.


Awit saka iku ana kang muni, “Meleka, he kowe kang turu lan tangia saka antarane wong mati, temahan Sang Kristus bakal madhangi kowe.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan